Ngulandara
Ing sawijining
dina Raden Ajeng Tien lunga karo bapak lan ibune kang asmane Raden Ayu Asisten
Wedana lan Raden Bei Asisten Wedana . Nalikatekan ing antarane Temanggung lan
Wanasaba , mobl sing ditumpaki malah mogok . Ana wong lanang sing mbantu
ndandani mobile, mula mobile bisa mlaku maneh . Ibu Tien nduweni niyat arep
aweh imbalan arupa dhuwit kanggo wong sing wis nulung dheweke, nanging wong
kuwi mau ora gelem nerima imbalane. Banjur wonglanang mau nututi mobole Tien
saka mburi amarga kuwatir yen mobile mogok maneh . Nalika tekan magelang ,
mobile mandhek amarga ing kana ana rame-rame , nanging mobi sig ditumpaki wong
lanang mau ora mandheg , mula Tien lan keluwargane kelangan jejake wong lanang
mau .
Sawijining
dina keluwargane Tien katekan tamu yaiku Oei Wat Hien . Tekane Hein yaiku
kanggo nawarna berlian. Hien duweni niyat ngedol mobile lan nawarna supire
supaya bisa kerja ing keluwargane Tien . Nalika Den Bei takok mobilapa sing
arep didol marang dheweke , Hien jawab yen mobile kuwi merek Buick lan nomere
1013 , Tien lan keluwargane eling marang
wong lanang kang wis nulung dheweke
nalika mobile mogok ing dalan. Raden Ayu Asisten Wedana njaluk tulung
marang pembantune supaya ngundang supire nyonya Hien . Nalika keluwargane Tien
ngerti yen Rapingun (sopire Nyonya Hien) iku wong sing nulung dheweke , Den Bei
banjur nrima Rapingun supaya dadi sopire . Nalika kerja ing omahe Tien ,
Rapingun rajin banget . Ora mung bisa nyupir , Rapingun uga bisa dadi tukang
kebun lan pembantu.
Ing sawijning
dina Raden Ajeng Tien lunga maring Magelang kao Rapingun . Dheweke lunga maring
omahe Den Bei Matri Gudhang, ing sandhinge omahe Den Bei Mantri ana pasar malem
, dheweke banjur lunga menyang pasar malem . Nalika ing pasar malem ,ana wong
lanang loro sig ngawasi dheweke , ananging Tien ora cerita marang wong-wong
liya . Sakwise saka pasar malem Tien ngajak Rapingun mulih menyang Ngadirejo.
Ing ndalan dicegat wong lanang loro sing ngincer dheweke nalika ing Mgelang.
Salah sijine wong lanang mau yaiku
mantane Tien , dheweke nageh janjine Tien, nanging Tien nngrasa yen dheweke wis
ora duwe janji apa-apa . Nalika mbelani Tien , tangane Rapingun lara, dheweke banjur bisa mlayu saka
wong lloro mau. Sak tekane ing mah Tien cerita marang Bapak lan Ibune bab
kedadeyan mau . Rapingun banjur digawa menyang rumasakit . Nalika ing rumasait
Tien nileki Rapingun lan aweh aklung kanggo Rapingun . Sakwise mulih saka
rumasakit Rapingun njaluk ijin arep mulih amarga wis kangen karo wong tuwane.
Sesasi sakwise
Rapingun pamitan , Raden Ajeg Tien nerima surat saka Rapingun sing isine yaiku
Rapingun arep mandheg sak kerjane . Raden Ayu Asisten Wedana sedih nerima surat
kuwi. Nem sasi sakuwise iku Raden Ajeng Tien lan Bapak Ibuke lunga niliki Den
Bei Mantri , ing kana Raden Mas Sutanta utawa Rapingun muncul . Wolung sasi
sakuwise iku Raden Ajeng Tien ngmah-omah lan urip bareng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar