Micara Pidhato
Kepriye crane pidhato
kang apik lan kasil bakal dijlentrehake ing kene. Wektu pidhato, pemicara iku
digateake dening kabeh kang ngrungokake. Kabeh kang ana ing pemicara seka
klambi , rambute, tekan carane mlaku ning podhuyum digatekake dening pamirenge.
Kepriye carane ngadeg uga ora luput saka pengamatane pemireng pidato iku. Apa kang
ora pas saka pemicara bisa dadi bahan panacat denig para pamireng . Panacat iku
nyebabake pidhatone ora kasil kanthi apik . Mula iku, ing ngisor iki
dijlentrehake kepriye carane supaya anggne pidhato or a nnguciwani .
a.
Carane ngango klambi
Klambine
kudu resik, rapi, sopan , lan sesuai karo kahanane pemireng pidhato iku. Carane
nganggo penganggon utawa klambi kudu
beber lan pener , upamane pecine ora miring, dasine anggone nalikake wis bener utawa setute ora kuwalik . Jinise klambi uga
kudu nyesuwekake karo pemirenge , yen pemirenge nganggo jas pemicarane becike
uga nganggo jas , yen pemirenge hem lengen dawa becike pamicarane uga nganggo
hem lengen dawa.
b.
Carane ngadeg ing podium
Sadurunge
diwenehi wektu dening wong kang macakake pranata adicara , becke pemicara
lungguh ana papan kang rada ndhelik. Aja lungguh ana ngarepe pamireng , amrarga
panampilane mangko ora duweni daya kejut, anggone mlaku anuju podium kudu
kanthi lumrah , ora digawe-gawe. Sadurunge ngomong , ambegan lan nyawang kabeh
para pamirenge kanthi sumringah. Anggone ngadeg kanthi jejeg lan aja
nyendherake awak ing podium .
c.
Carane ngguceki microphone
Microphon
kang ana standare oa perlu digoceki bola-bali amarga bisa muni lan
mrebegi. Dene microphone ora ana
standare digoceki kanthi lmprah bae ,aja dolanan kabel utawa nggaya kaya
penyanyi ing panggung , microphone karo lambe aja kecedhaken utawa kadohan .
d.
Carane pidato
Carane
pidato iku ana papat , yaiku maca naskah , ngapalake , sepontanitas ( impromptu
) , lan jlentrehake utawa njabarake kerangka pikiran ( ekstemporal) .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar