Sekar
Macapat Mijil, Laras Sleendro Pathet Sanga Miring
Poma
kaki padha dipuneling
Ing
pitutur ingong
Sira
uga satriya arane
Kudu
anteng jatmika ing budi
Ruruh
sarta wasis
Samubarang
tanduk
Makna
teks :
Wonten
teks nginggil menika salah satunggaling wejangan ingkang saking tiyang sepuh
marang para putra ugi putunipun, menawi wosipun inggih menika tiyang sepuh
paring dhawuh utawi paring wejangan marang putra ugi putunipun menawi
wejanganipun ingkang dipunandharaken dening tiyang sepuh kedah ugi tansah
dipuneling – eling. Ingkang kaping kalih inggih menika para putra ugi putu
kedah dados tiyang ingkang anggadhahi budhi ingkang luhur. Kedah alim ugi kedah
anggadhahi andhap asor. Boten angkuh ugi saged ngetrepaken awak wonten ing
kahanan menapa kemawon.
Sekar
Macapat Sinom, Laras Pelog Pathet Barang
Mumpung
anom marsudiya
Lelandhesan
budhi suci
Denya
manembah hyang Suksma
Yekti
yuwana sakalir
Asih
tresna sasami
Pan
iku dadiya wotipun
Adoh
marang kanisthan
Mring
janji tan balenjani
Tatag
tangguh saguh ing samubarang karya
Wosipun
:
Cakepan
ing nginggil menika anggadahi makna ingkang saged dipundadosaken panutan kagem
para enem, inggih menika supados tansah marsudi utawi ngupaya amargi menawi
taksih enem kita sedaya anggadhahi wekdal ingkang langkung suwe tinimbang
tiyang ingkang sepuh pramila kita kedah ngupaya. Nalika ngupaya kedah miturut
akal ingkang becik, ugi tansah dipunimbangi kaliyan dedhonga amargi
upayaingkang boten diimbangi kaliyan dhedhonga bakal siya – siya, pramila kita
ugi kedah manembah marang Gusti, sedaya menika kedah dipuntindakaken kanthi
tulus. Ingkang salajengipun kita kedah paring katresnan marang sapadha – padha
amargi kita menika boten saged ngaurip piyambakan kita kedah ugi tansah
mbetahaken tiyang sanes. Sedaya menika menawi sampun dipuntindakaken kita
sedaya bakal tebih saking kanisthan. Samenika ugi kelakon dhumateng sedaya ingkang
boten mbalenjani janji. Kita sedaya ugi kedah tatag, tangguh lan saguh marang
kabeh kanisthan.
Sekar
Macapat Kinanthi, Laras Slendro Pathet Sanga
Saranane
wong yun luhung
Betah
tapa kurang guling
Elinga
solah jatmika
Yen
wicara kudu manis
Murih
sengseming sasama
Samaning
manungsa sami
Wosipun
:
Tiyang
ingkang luhur menika betah melek uga kedhik tilem ingkang dipunwastani betah
melek ugi kedhik tilem inggih menika tiyang ingkang remen nyambut damel,
ngawruh, lan ugi ngupaya tinimbang tilem, amargi tiyang ingkang melek mesthi
angsal kathah paedah tinimbang tiyang ingkang namung remen tilem. Eling –
elingana tindak tanduk ingkang sopan inggih menika menawi kita nerapaken tindak
tanduk kedah kanthi sopan dhumateng sedaya kemwon, kita kedah ngajeni tiyang
sanes supados tiyang sanes menika saged ngajeni kita. Lan ugi menawi guneman
kaliyan tiyang sanes kedah ingkang sae supados dipunremeni dening sapadha –
padha.
Sekar
Macapat Dhandhanggula, Laras Slendro Pathet Sanga
Lamun
sira anggeguru kaki
Amiliha
manungsa kang nyata
Ingkang
becik martabate
Sarta
kawruh ing hokum
Kang
ngibadah lan wirangi
Sokur
oleh wong tapa
Ingkang
wus amungkur
Tan
mikir paweweh ing liyan
Iku
pantes sira guranana kaki
Sartane
kawruhana
Wosipun
:
Menawi
panjenengan sedaya merguru marang wong lanang utawi badhe mbangun balewisma
kaliyan tiyang jaler kedah madosi utawi milih ingkang becik. Inggih menika
ingkang becik martabatipun ugi ingkang mangertosi hukum, ingkang ngibadah ugi
anggadhahi lingsem, langkung becik malih menawi saged angsal tiyang ingkang
tapa. Tanpa menggalih menapa kemawon ingkang sampun diparingaken kagem tiyang
sanes, saha ugi panjenengan sedaya kedah mangertosi menawi tiyang ingkang kala
wau menika pantes dipuntiru.
Wonten
ing cakepan tembang samenika anggadhahi makna menawi kita sedaya badhe mbangun
balewisma kaliyan tiyang jaler pramila kita sedaya kedah madosi utawi milih
tiyang ingkang sae, menawi tiyang sepuh samenika ngandharaken menawi madosi
tiyang jaler kedah nggatekaken bobot, bebet, bibit. Bibit samenika saking pundi
tiyang jaler ingkang samangke dados guru kita menawi langkung cetha
kulawarganipun tiyang jaler menika, menapa saking kulawarga ingkang sae utawi
boten. Bebet samenika dumugi pundi tiyang siyaganipun tiyang jaler menika
anggenipun paring nafkah kagem kulawarga ingkang badhe kita bangun. Samenika
langkung dipuntitikberatkan wonten ing aspek ekonominipun. Bobot samenika
cakupanipun langkung luas inggih menika watakipun tiyang jaler, tindak tanduk
ingkang sae, kepinteranipun, pendhidhikan ingkang nate dipunlampahi, derajat
ugi pangkat, lan sanesipun. Sedaya ingkang wonten ing nginggil menika kagem
tiyang ingkang mbangun balewisma supados boten kelentu anggenipun madosi utawi
milih calon guru utawi garwa, supados kulawarga ingkang badhe kita bangun saged
tentrem, ayem, lan ugi harmonis.
Sekar
Macapat Asmaradana, Laras Slendro Pathet Sanga Miring
Aja
turu sore kaki
Ana
dewa nganglang jagad
Nyangking
bokor kencanane
Isine
donga tetulak
Sandang
kalawan pangan
Yaiku
bageyanipun
Wong
melek sabar narima
Wosipun
:
Samenika
dipun andharaken kagem para tiyang jaler supados boten tilem ing wanci sonten,
amargi ing wanci samenika para dewa ngubengi jagad ngasta guci mas ingkang
wosipun donga tulak balak. Sandhang lan pangan ugi bageyanipun. Tiyang ingkang
betah melek, sabar, lan narima ing pandum.
Sekar
Macapat Gambuh, Laras Pelog Pathet Nem
Pitutur
bener iku
Sayektine
apantes tiniru
Nadyan
metu saking wong sudra papeki
Lamun
becik wurukipun
Iku
pantes sira anggo
Wosipun
:
Pitutur
ingkang sae samenika pantes kita tiru, sanajan pitutur samenika saking tiyang
ingkang nistha. Menawi pituturipun sae nggih kedah kita tiru.
Sekar
Macapat Maskumambang, Laras Slendro Pathet Sanga
Wong
manut tuture wong tuwa ugi
Panemu
duraka
Ing
dunya tumekeng akhir
Tan
wurung kasurang – surang
Wosipun
:
Tiyang
ingkang boten purun nurut kaliyan menapa kemawon ingkang dipunandharaken dening
tiyang sepuh menika bakal angsal dosa. Inggih menika wonten ing donya ugi
akheratipun.
Sekar
Macapat Pangkur, Laras Slendro Pathet Sanga
Mangkono
ngelmu kang nyata
Sanyatane
mung weh reseping ati
Bungah
ing aranan cubluk
Sukeng
tyas yen den ina
Aja
kaya si pengung agung gumunggung
Ugungan
sadina – dina
Aja
mangkono wong urip
Wosipun :
Ingkang kados samenika
ngelmu ingkang leres. Kanyatan ingkang ngresep ing manah. Kasenenga dipunanggep
bodho. Saking ingkang sae dumugi ingkang awon. Ampun kados tiyang ingkang bodho
ugi angkuh. Sedinten – dinten namung dipunuja kemawon. Menawi dados tiyang
ampun kados samenika.
Sekar
Macapat Megatruh, Laras Pelog Pathet Barang
Mangkanyata
wicarane sepet madu
Sesadone
adu manis
Memanise
yen gumuyu
Ayu
rahayuning dhiri
Widagda
nganggit lelakon
Wosipun
:
Menapa
kemawon ingkang dipunandharaken samenika manis. Menawi guneman kaliyan tiyang
sanes ugi manis. Menapa malih menawi ngguyu, ayu ugi keslametan wonten ing
awakipun. Pinten anggenipun tumindak.
Sekar
Macapat Pocung, Laras Pelog Pathet Nem
Bocah
iku sopan santun iku perlu
Bekti
mring wong tuwa
Dhawuhe
guru den esthi
Sinau
amrih katekan kang den sedya
Wosipun
:
Kita
sedaya menika kedah andhap asor. Bekti marang tiyang sepuh. Nurut menapa
kemawon ingkang dipunadharaken dening guru kita. Ugi kita sedaya kedah
anggadhahi niyat ngawruh ingkat kiat supados saged nggayuh sedaya gegayutan
kita.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar