Serat
Riyanta
Diceritakna yen ing
kutha Surakarta ana sawijine wong kang duweni budhi luhur, jenenge Pangeran
Notosewaja. Pangeran kuwi duwe anak lanang kang jenenge Raden Mas Riyanta.
Nalika Raden Mas Riyanta umur 6 taun, dheweke wis ditinggal bapake. Raden Mas
Riyanta mung diemong dening ibune. Ibune saying banget marang Raden Mas
Riyanta. Nalika umur pitung taun Raden Mas Riyanta dipindah menyang Semarang.
Ana ing Semarang Riyanta melu Pakdhene, kang jenenge Tondowijoyo. Ing kana
Riyanta dididik dadi wong kang bagus solah bawane. Ibune dadi seneng amarga
duwe anak siji sing bagus rupane uga bagus solah bawane. Mula iku ibune gelem
nuruti apa wae kang dadi kekarepane Raden Mas Riyanta. Nalika Riyanta wis umur
20 taun, dheweke durung pacangan mula ibune dadi susah. Ibune paring dhawuh
marang Raden Mas Riyanta supaya cepet luru pacangan. Nanging Raden Mas Riyanta
durung kepengi duwe gandhengan, banjur dheweke ngulur – ngulur wektu. Alesanae
isih kepengin luru pengalaman urip. Ing sawijine dina Raden Mas RIyanta ketemu
karo Raden Mas Durjat, kang diajak lunga menyang alun – alun delok kumidi
bradu. Ing kana kebakaran kang marakake wong – wong padha mlayu kanggo
nyelametake awake dhewe - dhwe. Nalika
arep balik RadenMas Riyanta ditabrak dening wong wadon, wong kuwi mau nangis
ngundhang – ngundhang wong tuwane amarga ora tega ngeti wong wadon mau Riyanta
banjur ngeterake wong wadon mau balik, nanging durung nganti diterake wong
wadon mau malah ngilang. Raden Mas Riyanta durung nganti kenalan, nanging
Riyanta wis seneng marang wong wadon mau. Sakwise saka kumidi Riyanta banjur
bali menyang omah. Tekan omah ibune malah jodohake dheweke. Amarga ora sarujuk
marang perjodohan mau Raden Ms Riyanta lunga amenyang Boyolali. Nalika wis rada
susut anggone ngrasa perjodohan mau, Riyanta banjur bali menyang omah. Raden
Mas Riyanta ketemu karo wong wadon kang ditemoni nalika ing kumidi. Wong wadon
mau jenenge Raden Ajeng Srini yaiku putine Kiyai Paramayoga, kang sebenre bakal
dijodohake marang dheweke. Banjur ngerti yen sing bakal dijodohake karo dheweke
iku Srini banjur Riyanta sarujuk marang perjodohan kuwi mau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar