Minggu, 11 Januari 2015

Resensi Novel Sala Lelimangan


TUGAS AKHIR SEMESTER
RESENSI NOVEL SALA LELIMANGAN
KARYA SUPARTO BRATA
Disusun guna memenuhi tugas akhir semester mata kuliah Menulis Kreatif
Dosen Pengampu : Ibu Prembayun Miji Lestari

Disusun Oleh :
Novi Amalyana Sari
2601413077
Rombel 3

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2015
RESENSI NOVEL SALA LELIMANGAN
A.    Identitas Buku
Judul Buku               : Sala Lelimangan
Penganggit               : Suparto Brata disunting dening Dhanu Priyo Prabowo
Diterbitake dening   : Elmatera
Kutha diterbitake     : Jalan Waru 73 Kav 3 Sambilegi Baru, Maguwoharjo, Yogyakarta    
Cetakan                    : 1 Juni 2014
Kaca                         : 134 kaca
Kandele novel          : viii + 134 kaca
Amba + dhuwur       : 14,5 x 21 cm
Warna kertas            :Book paper
ISBN                        : 978-602-777-807-8
Basa                          : Jawa yaiku ngoko lan krama, uga nganggo dialek Surabaya.

Sala lelimangan kuwi sawijine novel anggitane Suparto Brata sing wis disunting dening Dhanu Priyo Prabowo, novel Sala Lelimangan diterbitake dening Elamatera ing taun 2014. Novel iki nyeritakake lelakon kang ana ing taun 1947 yaiku ngenani kahanane Negara Republik Indonesia kang lagi merdika, mligine ana ing kutha Sala, novel iki uga dilengkapi roman dening tokoh utamane kang wis bisa nemokake gandhengan yaiku Estuningsih adhine Gusti Mutu Manikam.

B.     Sinopsis
Mokhammad Bakhtiyar utawa kang biasa dikenal dening nama Bakhtiyar kuwi sawijine pengarang surat kabar kang ana ing surat kabar Sang Saka. Dheweke kuwi asli saka Surabaya lan netep ana ing Sala karo Adhike kang isih lungguh ana ing bangku SMP jenenge Jakfar. Bakhtiyar oleh notes saka Letnan Baidowi tentara kang wis gugur saka front Salatiga kang dititipake marang Kaswandha. Notes kuwi mau diwehake marang Bakhtiyar amarga pakone Letnan Baidowi alasane yaiku nalika Letnan Baidowi isih bagas waras, dheweke kerep ngrasani Bakhtiyar amarga seratane kang bisa gawe mbedhedhege atine, dheweke kepengin ketemu karo Bakhtiyar nanging durung nganti ketemu dheweke wis gugur. Amarga Bakhtiyar oleh notes saka Letnan Baidowi, saka notes kuwi mau dheweke kenal marang Gusti Mutu Manikam yaiku klebu wayah dalem kang Sinuwun Paku Buwana IX. Sawijine tamu kang ditemoni nalika dheweke ngelayat ing Puspapuran. Ana ing wayah Sore, Bakhtiyar lagi turu ing kana dheweke ngimpi aneh, dheweke banjur tangi amarga keprungu swarane adhine kang nggugah awake. Sore kuwi mau ana tamu utusan saka Gusti Mutu Manikam, Baktiyar banjur siyap – siyap lan melu tamu mau kang jenenge Biangga adhine Gusti Manikam menyang daleme Gusti Mutu tanpa nggawa notes saka Letnan Baidowi. Satekane ing daleme Gusti Mutu, dheweke ditubruk Dhoreng prajurite Gusti Mutu kang lagi metu saka jero ndalem, Bakhtiyar lan Dhoreng kuwi mau banjur tukaran, lan mandheg nalika Gusti Mutu krungu banjur ngutus Dhoreng supaya mandheg anggone nantang Bakhtiyar. Sakwise iku Bakhtiyar diajak Gusti Mutu menyang kursi tengah, niyate Gusti Mutu nimbali Bakhtiyar amarga dheweke kepengin ngerti isine notes kang diwehake Letnan Baidowi marang Bakhtiyar, namung Bakhtiyar ora age – age ngewake notes kuwi mau amarga dheweke kuwatir yen notes kuwi mau tiba ing tangane wong kang culika. Nanging Gusti Mutu meksa kepengin weruh isi saka notes kuwi mau, bab kuwi mau kang gawe curigane Bakhtiyar, dheweke ngrasani apa wanita ayu kang ana ing ngarepe kuwi mau duwe niyat ala. nalika lagi guneman, keselan suguhan teka. Sing ngladekake sawenehe remaja putri yaiku sedhereke gusti Mutu saka ibu. Bakhtiyar tratapan nalika nyawang remaja putri mau. Sakwise Estuningsih remaja putri kang nyuguhake suguhan mau lunga, Gusti mutu nerusake anggone wawan rembug ngengingi notes saka Baidowi, nanging Bakhtiyar ora patiya ngrewes, dheweke malah ngematake remaja ayu mau. Banjur Gusti Mutu Manikam ngaleh anggone wawan rembug, saiki dheweke malah ngrembug babagan Estuningsih kuwi mau, ngerti ngono Bakhtiyar banjur sadar lan ngalihake wawan rembug babagan remaja maul an nreusake ngrembug notes. Bakhtiyar mutusake yen notes kuwi bakal diterake marang Gusti Mutu esuke, amarga alesane arep ditulis dadi buku dhisik. Ana ing dalan Bakhtiyar mikir ngenani Gusti Mutu, dheweke bingung apa wanita ayu mau wong kang apik apa duweni niyat ala. nanging kabeh kuwi ora bisa dijawab dening Bakhtiyar kabeh mung awing – awangane. Tekan ing ngarep omah dheweke ngerti yen kahanan omahe jeblakan, dheweke jelih – jelih ngundang adhine, sawise tekan jero omah dheweke ngeti adine sing lagi ditaleni ana ing kursi lan omahe ambur radul kaya bubar kemalingan, kabeh barang isih utuh banjur dheweke niliki notes saka Baidowi sing diselehake ana ing ngisor bantal, lan jebul notes kuwi mau wis ora ana ing panggonane. Banjur dheweke metu marani adhine, nalika metu dheweke nemokake once kang kaya sing ditemoni nalika tabrakan karo Dhoreng. Banjur dheweke ngerti sapa mau sing bubar saka omahe kuwi. Bakhtiyar banjur mbopong adhine menyang rumah sakit Kadipala numpak becak sing awit mau ngeterake dheweke menyang Mangkuyudan. Sawise ngewehake Jakfar marang dhokter, dheweke banjur lunga menyang daleme Gusti Mutu lan ngajar Dhoreng sing wis nyilakani adhine. Nalika tekan omah kang gedhe kuwi dheweke krungu swara wong wadon kang lagi dirudapeksa dening wong lanang, banjur dheweke mlebu ruwangan kuwi jebul sing ana ing jero kono kuwi Estuningsih kang lagi dirudapeksa dening Dhoreng. Dheweke banjur gelut karo Dhoreng amarga dheweke wis nyilakani adhine lan wis wani ngrudapeksa wing wadon. Krungu rame – rame banjur Gusti Mutu marani panggonane wong sing lagi gelut mau, banjur Dhoreng diutus supaya mandeg anggone gelutan. Bakhtiyar blaka ngenani alesane nggelut Dhoreng ora liya amarga adhine wis dicilakani dening Dhoreng, mula dheweke ngajar wong elek kuwi. Lan Bakhtiyar nuduh yen sing ngutus Dhoreng kuwi ya Gusti Mutu, nanging wong wadon kuwi mbantah kanthi alus yen apa kang dituduhake kuwi salah. Nanging Bakhtiyar meksa nuduh yen kabeh kuwi kelakone Gusti Mutu kanga wit mau kepengin oleh notes saka Baidowi. Bakhtiyar banjur pamit amarga wong sing ditudung kuwi ora ngaku, nanging nalika dheweke lagi jangkah keprungu suara wong wadon kepengin melu muleh dheweke. Wong wadon kuwi Estuningsih, dheweke keweden marang apa kang lagi wae dilakoni Dhoreng, lan dheweke sejatine wis ora krasan manggon ing omah gedhe kuwi. Percaya ora percaya yen wong wadon sing ditamatake awit mau arep melu muleh dheweke. Lan Gusti Mutu uga ngijinake Estuningsih, banjur cah loro kuwi mau metu saka omah gedhe kuwi lan lunga menyang keprabon yaiku omahe Bakhtiyar. Ing dalan cah loro kuwi padha menengan, nanging sakwise rada suwe anggone menengan cah loro kuwi mau banjur padha wawan rembug. Estuningsih takon marang Bakhtiyar apa dheweke saguh yen Estuningsih manggon neng omahe, Bakhtiyar ora langsung jawab amarga dheweke isih ora percaya yen dheweke bakal urip karo wong wadon. Estuningsih ngerti yen ora ana jawaban saka Bakhtiyar banjur mingsep – minsep. Ngerti kaya ngono Bakhtiyar banjur jelasake yen dheweke saguh dieloni Estuningsih. Tekan omah cah loro kuwi mau padha wawan rembug awit ngenani Estuningsih nganti mbakyune. Nalika ngrembug mbakyune, Estuningsih eling yen dheweke dititipi laying saka wong lanang brewok kang sejatine Kaswandha. Esuke Bakhtiyar tangi lan krungu swarane wong adon kang lagi menyanyi, dheweke ora kelingan yen sewengi mau ana wong wadon ing omahe. dheweke ora ngira yen omah ana wong wadone lan ora kuwi beda. Esuk kuwi sawise mangan sing wis dihidangna estuningsih, Bakhtiyar banjur ninggalake omah tinuju kantor kanthi seneng atine amarga neng omahe ana wong wadon kang nunggoni. Sawise kabeh pakaryan ing kantor wis beres, dheweke banjur lunga menyang puspapuran arep ketemu karo Kaswandha. Nalila tekan ing ngarep puspapuran dheweke kelingan yen notes sing digawa Estuningsih wingi bengi ketinggalan neng omah. Banjur dheweke meksa ketemu karo Kaswandha. Wong wadon kang bukake lawang, banjur ngomong yen Kaswandha isih turu aja diganggu. Ora suwe Kaswandha sig diluru metu saka omah lan ngaturi supaya Bakhtiyar mlebu menyang omah, lan ngenalna wong wadon sing bukake lawang kuwi mau, jebul wong wadon kuwi bojone Baidowi. Ing kamare Kaswandha, Bakhtiyar akeh wawan rembug. Dheweke kepengin ngerti akeh ngenani Baidowi lan uga wong – wong kang ana gandheng cengenge karo Baidowi. Kaswandha uga nanggepi kekarepane Bakhtiyar, lan jawab kabeh pitakone Bakhtiyar. Nalika arep bali, Kaswandha ngajak Bakhtiyar supaya gelem melu lunga rapat karo cah – cah TGP. Bakhtiyar banjur nyaguhi pangajake kanca anyare kuwi. Sawise nyaguhi Bakhtiyar banjur lunga menyang rumah sakit Kadipala karep nemoni adhine, sedurunge bali Bakhtiyar disanguni bedhil tinggalane Baidowi kanggo njagani yen ana mungsuh kang neka – neka marang dheweke. Kanthi ngesaki bedhil, dheweke ngrasa yen apa kang dikarepake kawujud yaiku duwe bedhil. Satekane ing rumah sakit, Jakfar isih teturon ing dhuwur kasur rumah sakit dheweke urung isa aweh katrangan babagan sapa wong kang wis nyilakani dheweke amarga nalika wengi kuwi Jakfar ditempiling wong saka buri, saengga dheweke ora sadar. Niyate kanggo gawa muleh adhine ora diendahke dening perawat amarga Jakfar kudu nginep sedina maneh kanggo ngepenake awake. Sawise ngerti adhine, dheweke banjur muleh lan ngetik karya kang dioleh nalika perjalanan tumuju omah. Tekan omah Bakhtiyar banjur jupuk ketik, lan ditakoni Estuningsih. Dheweke banjur ngakon wong wadon kuwi supaya maca dhewe, nalika Estuningsih apa kang diketik Bakhtiyar. Estuningsih lemes nalika maca tembung – tembung kang sajake ngungkapake apa kang ana ing atine Bakhtiyar, yen cara saiki Bakhtiyar lagi nembak Estuningsih kanthi cara diketik ing mesik tik. Estuningsih nyaguhi lan bales apa kang dirasakake Bakhtiyar. Sore sawise kedadeyan kang nyenengna atine cah loro iku, Bakhtiyar lunga rapat kayata pangajake Kaswandha, kanthi abot ninggalana wong wadon kang tansah ditresnani. Nanging dheweke tetep lunga menyang panggonan rapat. Ing kana dheweke ora ngenali sapa – sapa, nalika ditakoni anitiya dheweke bingung arep jawab apa. Banjur ana Sumandhi kang nulung dheweke. Ing jero dheweke rada ngadohi Sumandi supaya yen ana wong kang ora seneng karo Sumandi ora ngira yen dheweke raket. Sesuwene rapat ana Kaswandha kang nakoni babagan surat kang digawa Estuningsih kuwi mau kanthi bisik – bisik, ngati – ati aja nganti ana wong kang krungu amarga ing sekeliling kuwi akeh musuh sing sliwar – sliwer. Sawise ngandhake yen dheweke arep menyang omahae Bakhtiyar sawise rapat kuwi mau, banjur Kaswandha ngencep metu lan numpak mobil. Bakhtiyar banjur luru tumpangan kanggo ngejar Kanswandha amarga akhtiyar kuwatir uen ana apa – apa karo kanca anyare kuwi mau. Bakhtiyar banjur nemu prahoto sing jerone uga ana Sumandi, dheweke ditawani supaya enggal mlebu lan lungguh ing sandhinge sing mesthine kursi kuwi kanggo Biangga. Nalika perjalanan, Bakhtiyar ngakon sipire supaya cepet anggone nyetir prahoto lan ngejar mobil kang ana ing ngarepe. Sopir lan wong sing padha ana ing prahoto padha jelih – jelih ngerti mobil kang ana ing ngarepe padha bedhil – bedhilan. Jebul mobil kuwi sing nunggangi Kaswandha, nalika mobil kuwi mandheg prahoto sing ditunggangi Bakhtiyar uga mandheg wong – wong oadha nekani wong kang ana ing mobil cilik kuwi mau. Kaswandha ngomong marang Bakhtiyar supaya dheweke enggal lunga saka panggonan kuwi, lan enggal ninggahna laying kang saka Baidowi. Kaswandha wis ngerti sapa Nyonya kapten kuwi, nanging Kaswandha durung nganti ngandhani sapa kuwi Nyonya kapten, malah Kaswandha wis keburu ketembak. Bakhtiyar banjur lunga nyelametna awake lan niliki laying kang ditinggal ing omah, kanthi ninggalna Kaswandha kang ana ing panggonan mau. Tekan omah Bakhtiyar ora nemu Estuningsih, lan dheweke nemokake once maneh, dheweke banjur mikir yen sing bubar saka omahe ora liya ya Dhoreng, banjur Bakhtiyar niliki laying kang ana ing pigora gambar kucing jebul layange isih ana ing panggonane. Bakhtiyar enggal lunga saka omah tumuju daleme Gusti Mutu, dhewke ngira yen ing buri iki kabeh sing dadi lakone ya Gusti Mutu. Satekane ing omah kang gedhe kuwi Bakhtiyar keprungu ana swara bedhil, alon – alon dheweke bisa numoes wong kang jaga ing lawangan, banjur dhweke keprungu ana swarane Dhoreng kang sajake lagi gelut karo wong ing kamare Estuningsih, banjur Bakhtiyar mlebu kamar kuwi lan nembak wong kang dadi lawane Dhoreng. Sawise Bakhtiyar bisa numpes lawane Dhoreng kuwi mau, Gusti Mutu lan Estuningsih nemoni Bakhtiyar. Banjur wong – wong kuwi mau padha lunga menyang kursi tengah, lan padha blaka ngenani kedadeyan kang lagi wae kelakon. Uga ana Letnal Kolonel Beja, Sumandi, Inspektur Brata lan telu wong kang gedhe – gedhe maneh. Neng kana Bakhtiyar ngerti yen Nyonya Kapten kuwi Gusti Mutu, banjur padha blaka apa anane uga ana Biangga kang aweh pawarta yen Kaswandha wis ana sing nulungi. Dadi kabeh kedadeyan kang kelakon kuwi tumindake Dhondi, Bisu, lan wong kang kasebut Din. Kuwi kabeh sing kepengin ngrebut notes saka Baidowi kanggo ngewangi para walanda numpes Indonesia. Nanging wong kuwi kabeh bisa ditumpes dening Bakhtiyar.

C.     Unsur Instrinsik ing novel “Sala Lelimangan” anggitane Suparta Brata
1.      Tema
Ing novel “Sala Lelimangan”anggitane Suparta Brata nyeritakake babagan roman lan perjuwangan. Yaiku perjuwangan kanggo Negara Republik Indonesia mligine Kutha Sala saka para walanda kang arep nyerang kutha Sala kanthi agresi kaping pindho, kabeh rahasia kuwi mung diweruhi dening Letnan Baidowi kang wis gugur, ananging dheweke wis ninggali notes kang isine ngenani kabeh rencanane para walanda kang dibantu para mata – mata saka wong pribumi dhewe.
“O, menika gagasan kula. Kula kinten menawi Letnan Baidowi nyelibaken cariyos – cariyos sandi ing bukunipun. Langkung – langkung ingkang dipunmangertosi bab straginipun Jendral Spoor anggenipun badhe ngawontenaken agresi angka kalih sesampunipun 21 Juli 1947 menika. Mesthinipun sarana ukara sandi punserat wonten buku harianipun menika. Pramila kula kepengin sanget maos piyambak buku menika…..” ( Kaca 120 )
Novel iki uga nyritakake babagan roman dening Bakhtiyar kang wis nemu jodho yaiku Estuningsih adhi dulure Gusti Mutu Manikam.
“Mangkono wektu kang kapungkur. Mengkono dhek wingi. Nanging mau bengi ?! Lan saiki ? Ah, durung suwe wiwite mikir. Lagi dhek wingi nalika Jakfar ngladekake wedang rasa cemplang, disusul kedadean kang ora kaancang – ancang, atine ndadak kesandung asmara. Bakhtiyar dudu pemudha mempeng kang mligi golek kabegjane urip kanthi kepethelan megawe, nanging kaya pemudha diwasa lumrah, atine bisa kambon pamoring wanita. Ora kanyana, asmara bisa ngrembaka ndhredah sajrone wektu sedina. Mula Bakhtiyar sok nggagas, bisa uga jarenen Estuningsih, Sala kuwi kutha romantic, Kutha Asmara…” ( kaca 84 )
Kutipan ing dhuwur ngandharake yen Bakhtiyar akhire oleh gandhengan yaiku Estuningsih.
2.      Tokoh lan Penokohan
a.       Tokoh utama
1)      Bakhtiyar : Bakhtiyar kuwi sawijine wartawan ugapengarang kang kerja ing surat kabar Sang Saka. Dheweke asli saka Surabaya lan netep ana ing Sala karo adhine.
“ Kula Bakhtiyar. Nuwunsewu, lo, Dhik, kula wong Surabaya. Angel ajenge basa krama kaya wong mriki.” ( Kaca 6 )
Ing kutipan dhuwur ngandharake yen Bakhtiyar kuwi saka kutha Surabaya.
“ Eh, Dhik Bakhtiyar ! Ayo mlebu ! Iki wartawan Sang Saka, Dhik,” ujare wong kuwi setengah marang Bakhtiyar setengah marang pemudha panitya. ( Kaca 87 )
Kutipan kang ana ing dhuwur ngandharake yen Bakhtiyar kuwi sawijine pengarang utawa wartawan kang kerja ing surat kabar Sang Saka.
“Malah nganti keplayune karo adhike saka Surabaya, manggrok dhisik nyang Mojokerto, ngreti Surabaya ora bakal aman, nerusake ngumbara tekan Sala…” ( Kaca 85 )
“Gadhah kula emak. Nanging sakniki kantun enten Surabaya. Kirangan. Kula tilar ngungsi, pun kalih taun niki.mboten kepanggih malih.” ( kaca 48 )
Kutipan kang ana ing dhuwur mbuktikake yen Bakhtiyar urip ing kutha Sala mung karo adhine, yen emakne ana ing kutha Surabaya.
Ngenani penokohan, Bakhtiyar kuwi duweni watak kang ora gampang percaya marang wong kang lagi dikenal, isa nyimpen wewadi, kuwat tekade lan ora mbalenjani janji.
“Mara – mara Bakhtiyar rumangsa ora seneng karo karep – karepe wong ayu Mutu Manikam. Saka rumangsane, wong wadon iki duwe niyat ora prayoga, melik nduweni buku cathetan kuwi. Sanajan nganti wektu kuwi Bakhtiyar durung mudal karepe ngarang crita roman adhedhasar buku cathetane Baidowi, nanging menehake buku cathetan kuwi marang wong liya Bakhtiyar suthik. Sanajan dudu duweke, nanging buku kuwi wis tumiba ing tangane. Dadi ya kudu dikukuhi ! apamaneh dheweke wis krungu dhewe, yen Baidowi nalika gawe cathetan – cathetan kuwi kepengin nyeritakake pengalamane marang Bakhtiyar….. ( kaca 25 )
Kutipan kang ana ing dhuwur mbuktikake yen Bakhtiyar kuwi pancen duweni watak kang ora gampang percaya marang wong liyan apamaneh wong kang lagi tepang, lan Bakhtiyar kuwi wong kang bisa nyimpen wewadi kabukti nalika dheweke diwenehi notes saka Baidowi kang isine kuwi ngenani babagan kang penting kanggo kutha Sala, nalika akeh wong kang padha luru cathetan kuwi, Bakhtiyar ora gampang ngewehna dheweke milih nyimpen wewadi kuwi lan bakal diwehake marang wong kang pancen pantes weruh babagan kuwi.
“ Nanging Bakhtiyar klebu wong kang jiwane wis kalatih madeg – mantep. Yen wis kandha iya, angel nyelaki. Iki mau marang Kaswandha wis kandha bakal nekani rapate cah – cah TPG, wis kandha mangkono uga marang Estuningsih, angel atine nglalekake tugas kuwi. Mula sanajan uda isih nggrejeh, ati rasane isih wegah tangi, nanging wekasane dheweke iya krengkengan tangi.” ( kaca 86 )
Ana ing kutipan dhuwur nggambarake yen Bakhtiyar duweni watak kang kuwat tekade, tanggung jawab, lan uga ora mbalenjani janji. Kuwi kabukti nalika dheweke ana janji karo Kaswandha arep lunga rapat karo cah – cah TPG. Dheweke meksa mangkat sanajan dheweke lagi ngrasa kasmaran marang wong wadon kang ana ing omahe, lan uga udan kang lagi ngguyur kuthane kuwi.
b.      Tokoh Bawahan
1)      Letnan Baidowi : Letnan Baidowi kuwi sawijine prajurit kondang wiwit bedhahe Surabaya kang kalebu pejuwang kawakan. Letnan Baidowi kuwi kalebu lasykar tanpa panji.
“Heh, ya pancen penting. Dheweke wis kondhang wiwit bedhahe Surabaya. Klebu pejuwang kawakan. Dheweke kuwi lasykar tanpa panji..” ( kaca 5 )
Tembung dheweke kang ana ing kutipan dhuwur kuwi nuduhake marang Letnan Baidowi sawijine prajurit kondhang kang ana ing Surabaya.
“sampun, Dhik, sampun. Maturnuwun. Matur kangmase mawon yen wonten wekdal kapurih tindak Gajahan, dalemipun Pak Puspapura, ngaten. Layat. Wonten tentara gugur saking front Salatiga.” ( kaca 4 )
Sing dimaksud tentara kang wis gugur ing kutipan dhuwur yaiku Letnan Baidowi kang gugur ing tangane para walanda nalika ngemban tugas.
2)      Kaswandha
Kaswandha kuwi klebu mitra rakete Letnan Baidowi nalika isih urip, dheweke uga manggon bareng sakomah karo Baidowi.
“Oh, Dhik Kaswandha karepmu ? kenal maneh. Kae wonge ana ing mburi omah. Dheweke klebu mitrane Baidowi…” ( kaca 6 )
“kamar iki biyen dakenggoni wong loro karo Letnan Baidowi…” ( kaca 63 )
Ing kutipan dhuwur nggambarake yen Kaswandha kuwi pancen mitra rakete Letnan Baidowi, dheweke uga tau manggon bareng sakomah.
Kaswandha kuwi wong kang bisa ngemban tugas kanthi tanggung jawab kang gedhe.
“wong Letnan Baidowi nalika meh les uripe wanti – wanti tenan yen surat kuwi kudu diaturake tenan marang Nyonya Kapten. Wanti – wanti aja nganti kecekel tangane mungsuh, malah disebutke utamane aja nganti kecekel sing jeneng samarane Bisu…” ( kaca 72 )
Nalika Kaswandha diwenehi tugas kanggo ngeterake notes lan cathetan kanggo wong sing pantes oleh cathetan kuwi mau miturut Letnan Baidowi, dheweke nglakokake tugas kuwi kanthi ngeterake titipan kuwi kanggo Bakhtiyar lan uga Nyonya Kapten. Nanging cathetan sing kanggo Nyonya Kapten ora patiya cetha alamate lan sapa wong kang pantes oleh cathetan kuwi mau, banjur dheweke ngati – ati supaya titipan kuwi mau ora tiba ing tangane wong kang culika.
3)      Gusti Mutu Manikam
Gusti Mutu Manikam kuwi klebu wayah dalem ingkang sinuwun Paku Buwana IX. Gusti Mutu klebu putri kang wigati ing pasrawungane Baidowi. Daleme Gusti Mutu kuwi ing Salatiga dienggo umpetan para pejuwang sing dipimpin Baidowi. Gusti Mutu Manikam duweni watak prei lan trengginas, ramah, agung sikepe uga pasuryane, grapyak, ngajeni marang sapa wae.
“Mangga Dhimas. Panjenengan rak kang asma Mokhammad Bakhtiyar, ta ?” ujare kanthi grapyak. ( kaca 22 )
Ana ing kutipan dhuwur nggambarake yen Gusti Mutu Manikam kuwi duweni watak kang grapyak marang sapa wae, kabukti nalika piyambake nyumanggake Bakhtiyar kang saka rakyat biyasa, piyambake katon ngajeni Bakhtiyar.
“maklum mbakyu menika taksih enem, ayu, sugih, bandara wayah dalem, aktif ing organisasi kaprajuritan, pihak – pihakan, mila ugi kathah kanca lan mengsahipun,” ( kaca 52 )
“nanging mbakyu pyambak wiwit alit pancen sampun pinter. Samenika nampi tugas menapa ngaten, lo, ing babagan pemerintahan.” ( kaca 53 )
Kutipan ing dhuwur ngandharake yen Gusti Mutu Manikam kuwi wong kang trengginas kabukti piyambake trampil lan aktif ing organisasi keprajuritan, lan awit cilik mula piyambake wisp pinter.

4)      Estuningsih
Estuningsih kuwi sawijine wong lola, dheweke isih sedhereke Gusti Mutu Manikam saka ibuke. Estuningsih duweni watak kang bisa nyimpen wewadi kanthi tanggung jawab kang gedhe, dheweke uga setya marang Bakhtiyar.
“layang iki arep daksimpen sing primpen. Aku kuwatir kaya dene notes Baidowi, bakal dadi rebutan,” ujare Bakhtiyar.
“Dislempetake mburi pigora gambare kucing ndhekem kuwi wae.” Estuningsih urun rembug.
“yen ana apa – apa, upamane prampog mrene kaya mau bengi, aja pisan – pisan nyawang gambar kucing iki, ya Dhik.” Pesene Bakhtiyar.
Estuningsih tetep jaga lan nyimpen wewadi kang dititipake Bakhtiyar marang dheweke, nganti wektune dheweke ditimbali mbakyune lan ditakoni babagan surat kuwi mau dheweke ora blaka apa anane, amarga dheweke wis dipesen Bakhtiyar supaya jaga surat kuwi mau kanthi ati – ati banget, aja nganti ana sing ngerti babagan surat kuwi mau sanajan ta mbakyune nanging Estuningsih tetep ora gelem blaka marang mbakyune. Kabeh kuwi mau kabukti ing kutipan ngisor iki :
“Kula mboten mangertos!” ujare Estuningsih pandirangan.
“kowe oleh blaka,” ujare Bakhtiyar lugu.
“Nanging….?! Panjenengan ora duka, Mas ?
Bakhtiyar gedheg. Tangane Estuningsih digegem, kanggo ngyakinake.
“wonten pigora gambar kucing, ing griya keprabon!” ujare Estuningsih.
Kutipan ing dhuwur cetha banget yen Estuningsih kuwi pancen bisa nyimpen wewadi, kabukti nalika kabeh perkara wis gambalang dheweke tetep wae ora wani blaka sedurunge diijinke dening Bakhtiyar.
5)      Biangga
Biangga kuwi isih anakdulure Gusti Mutu Manikam. Dheweke klebu wong kang bener, dheweke trengginas.
“Kadospundi panjenengan kok lajeng kagungan pikiran telpon keng mbakyu mriki ?” pitakone Sumandi marang Biangga.
“Kaswandha rak kandha marang aku, yen surat sandi kuwi disimpen ing keprabon. Olehe kandha bisik – bisik, jare kuwatir yen ana wong liya sing krungu. Dheweke sajak kuwatir wae. Lan sopiran prahoto nalika karo kowe ngenteni prahoto budhal kaae, aku weruh glibete Ndaramas Dhondhi karo wong loro numpak mobil. Lan Kaswandha nyangklong karaben mlebu kesusu ing mobile. Sajake wong – wong kuwi padha cepet – cepetan marani laying. Mula aku mrentahake kowe ngaturi Pak Beja mrene, dene aku dhewe terus nelepon mrene supaya mbakyu utusan Dhoreng nemoni Jeng Tuning, njaluk surat kuwi. Dakkabari yen sing nggawa lan ngreti dununge laying sandine Letnan Baidowi kuwi dhestun Tuning. Mangka Tuning ing omahe Mas Bakhtiyar ing keprabon. Dakkon ngati – ati yen ketemu Ndaramas Dhondhi.” ( kaca 122 )
Kutipan ing dhuwur mbuktikake yen Biangga kuwi trengginas anggone numpas mungsuh kabukti nalika dheweke ngerti yen mungsuhe arep jupuk cathetan saka Baidowi kang disimpen dening Estuningsih dheweke age – age telepon mbakyune supaya ngutus Dhoren jemput Estuningsih.
6)      Dhoren
Dhoren kuwi pengawale Gusti Mutu Manikam, dheweke duweni watak kang kasar, grusa – grusu nanging setiya marang Gusti Mutu Manikam. Tembung kuwi bisa kabukti ing kutipan ngisor iki :
“Oh, nuwunsewu, Dhimas. Menika wau Dhoreng, rencang kula. Pancen tindakipun kasaripun mboten jamak. Gek grusa – grusu. Nanging manahipun sae, kok. Setya sanget.”
7)      Sumandi
Sumandi kuwi sawijine wartawan senior saka pusat sing biyasa dolan ing sang saka. Sumandi iki duweni watak kang gampang nuduh wong sedurunge ngerti apa kang sebenere wis kedadeyan.
“Nanging buku kuwi saiki wis ora neng aku, Mas.” Uajre Bakhtiyar.
“Heh ?! Priye ?! koksilihke sapa ?” pitakone Sumandi kagaet.
“Ilang dicolong uwong ing omahku. Mau bengi omahku diobrak – abrik maling!”
“hus !! kowe priye ta, dhik ?!” panyentake Sumandi, kaya – kaya kuwasa srengen marang Bakhtiyar. Kaya – kaya Bakhtiyar salah gedhe, dipasrahi barang aji kok diilangake! Mripate nganthi mlothot nyawang Bakhtiyar.”
Kutipan ing dhuwur ngandharake yen Sumandi gampang nyalahake wong, sedurunge dheweke ngerti penjelasan kang wigati.
8)      Dhandi Suhirman
Dhandi kuwi wong saka front Salatiga. Dheweke wong saka pemerintah pusat jogya sing duwe warisan ana Bumi Salatiga.
“ngatos – atos kalihan Mas Dhonshi, lo, Dhimas. Piyambakipun menika nunggal leluhur kalihan semah kula, nanging mboten nginten babar pisan kula menawi piyambakipun mentala tumindak kados mekaten.” ( kaca 116 )
Kutipan ing dhuwur ngandharake yen Dhandi kuwi duweni sipat kanga la, dheweke klebu tangan kiwane walanda. Dheweke kang wis jupuk notes sing diwehake Letnan Baidowi marang Bakhtiyar, lan dheweke uga sing wis nglarani Jakfar.
9)      Letnan Kolonel Beja
Letnan Kolonel Beja kuwi sing ndhapuk tim komandho Intelligance Service, klebu priyagung pemerintah reoublik Indonesia sing wigati ing Yogya.
“Inggih, Jeng. Sampun wiwit wangsulipun saking Birma kita tansah ngawat – await priyagung protolan Breda menika. Sajakipun perang ing Birma menika kathah sekedikipun sampun nggrigikaken moralipun. Piyambakipun tansah cuwa kalihan kawontenan ing sakupengipun. Cuwa wangsul ing Kraton Surakarta Hadiningrat sampun brebah dados kita Republik Indonesia, lan piyambakipun boten angsal warisan keprabon Hadiningrat babr pisan…” ( kaca 124 )
Kutipan ing dhuwur ngandharake yen Letnan Jendral Beja kuwi pancen wong kang adil, dheweke ,belani kang bener.

10)  Bisu
Bisu kuwi sawijine wong kang uga tangan kiwane walanda.
“La samenika Bisu wonten pundi ?” pitakone Nyonya Kapten alias Gusti Mutu Manikam
“La kuwi sing kudu digoleki. Muga – muga wong kuwi durung maca laying iki. Marga dheweke dudu anggota kita. Bisa wae telik sandine Landa. Yen wis klakon maca laying iki, bisa – bisa dilapurake marang komandane yen pihak Republik Indonesia wis mangerteni siyasat agresine angka loro Jendral Spoor, terus pihak Landa gawe siyasat anyar. Layang iki wis ora kena dipercaya. Muga – muga Bisu durung maca laying iki.” Katrangane Letkol Beja.
Kutipan ing dhuwur kuwi mbktikake yen Bisu kuwi pancen wong kanga la, dheweke klebu mata – mata saka walanda, kang arep numpas Indonesia.

11)  Jendral Spoor
Jendral Spoor yaiku jendrale angkatan perang Walanda ing Indonesia. Kaya adate yen walanda jaman biyen ya mung duwe niyat kanggo numpes Indonesia.
“Langkung – langkung ingkang dipunmangertosi bab strateginipun Jendral Spoor anggenipun badhe ngawontenaken agresi ingkang kaping kalih sesampunipun 21 Juli 1947 menika…” ( kaca 120 )
Kutipan ing dhuwur mbuktikake yen Jendral Spoor kuwi duweni niyat kang ala marang Indonesia yaiku arep numpes kanthi nganakake agresi kaping pindho.
12)  Jakfar
Jakfar kuwi adhine Bakhtiyar kang lagi lungguh ing bangku SMP, dheweke kuwi bocah kang ngabekti marang kangmase.
“Mulakna tah, teleka arek. Gae wedang, ngliwet, mangsak iku lak gaenane arek wedok, tah ? Dudu jaka koyok aku ngene iki,” ujare Jakfar.
Kutipan ing dhuwur kuwi sawijine panemune Jakfar kanggo kangmase kang seprene durung duwe gandhengan, Jakfar kuwi klebu bocah kang ngabekti marang mase, kuwi kabukti dheweke siyaga gawe wedang lan sapanunggale kanggo kangmase kang wis kerja kanggo uripe wong loro.
3.      Alur
Alur kang digunakake ing novel “ Sala Lelimangan” anggitane Suparta Brata iki alur campuran. Amarga ing novel iki sanajan ta nyeritakake kedadeyan awit tepangane tokoh – tokoh nganti anane konflik – konflik, nanging sedurunge kuwi uga ana flashback kang nyeritakake kahanan biyen kang dialami dening Letnan Baidowi kang wis gugur banjur kabeh perkara gamblang.
“dina – dina kang pungkasan uripe Baidowi tansah karo aku, Mas. Wondene ing dina Selasa tanggal 1 September – dadi seminggu kepungkur – dheweke ora kumpul karo aku. Iki kajuligane Letnan Baidowi. Ngreti panjenengan, Mas, apa wigatine tanggal kuwi ?” pitakone Kaswandha.
Bakhtiyar gedheg.
“Dina kuwi, Jendral Spoor, jendrale angkatan perang walanda ing Indonesia, niti priksa kahanan front sakupenge Salatiga – Magelang. Sawise kuwi mesthi wae Spoor gawe sketsa tulisane Spoor kuwi ditulis kanggo Van Moo king Jakarta,” ( kaca 65 )
4.      Setting
a)      Latar Tempat
1)      Ing jero omahe Bakhtiyar
Kutipan : “Jakfar ora keduman rembug temenan. Sawise maspadakake mobil kang warnane ijo lethek kuwi lunga, lagi Jakfar mlebu ngomah. Tangane nggegem notes tinggalane dhayoh.” ( kaca 2 )



2)      Dalem Puspapuran
Kutipan : “Dalem Puspapuran wis kebak wong nglayat. Sing akeh – akeh macak lasykar, ana Tentara pelajar, ana BPRI, ana Basrisan Bantheng.” ( kaca 5 )
3)      Daleme Gusti Mutu Manikam ing Kampung Mangkuyudan
Kutipan : “Nanging omah loji gdhe kang padha diparani kuwi padhange kaya rina, sanajan ora nganggo lampu listrik, nanging lampu gas kompan, gaspom utawa petromak modhel kuna dipasang gumandhhul ing pyan. Omah kuwi gedhe lan padhang, nanging sepi sajak ora ana wonge. Bakhtiyar mgira – ira omah magrong – magrong kuwi dununge ing Kampung Mangkuyudan.” ( kaca 19 )
4)      Rumah Sakit Kadipala
Kutipan : “Enggih empun, Pak. Anu, diterke teng rumah sakit Kadipala mawon.” Tekan Kadipala, Jakfar enggal kapasrahake dhokter jaga. ( kaca 34 )
5)      Ing Dalan Kartasura - Sala
Kutipan : “Sopir prahoto kang sjak ugal – ugalan, ora gelem nglakokake prahotone alon – alonan. Dalan Kartasura – Sala jembar nanging watune wis padha mringis, aspale entek, malah ana ledhokan – ledhokan ing tengah dalan kang ngemplung banyu.” ( kaca 95 )

b)      Latar Waktu
1)      Wayah Awan
Kutipan : “Wis jam loro, lo, Cak. Gak sida nylawat tah , awak pena ?” pitakone Jakfar saka meja setlikan. ( kaca 5 )
2)      Wayah Sore
Kutipan : “ Luwih tliti, luwih jinggleng. Karepe arep disinauni temenan. Nanging ora bisa. Mripate arep banget. Jakfar teka ngladekake wedang sore. Terus wae disruput. Gaber – gaber.” ( kaca 10 )
3)      Wayah wengi
Kutipan : “ Lampu listrik ing Sala nalika samana uripe mrelip – mrelip marga voltasene kurang banget, mula sanajan nganggo listrik kutha yen bengi tetep krasa surem.” ( kaca 18 )
4)      Wayah Esuk
Kutipan : “Bakhtiyar tangi gragapan. Wis padhang. Lawang, cendhela wis dibukaki. Keprungu swarane wong wadon menyanyi. Bakhtiyar njenggelek dheweke eling yen ora turu ing kamar, adhine ora ana, lan wong wadon sing menyanyi kuwi wong ayu sing mau bengi nginep ing omahe kono.” ( kaca 61 )
5.      Sudut Pandang
Novel Sala Lelimangan karya Suparta Brata iki nggunakake sudut pandang wong katelu, amarga ing crita novel iki panganggit ora duweni peran, penganggit mung nyeritakake kahanane wong liya.
6.      Amanat
Amanat kang bisa kapetik saka novel Sala Lemilangan karyane Suparta Brata iki yaiku kita kudu ngati – ati marang wong lagi dikenal aja gampang percaya, yen diwenehi wewadi kita kudu bisa nyimpen wewadi kuwi kanthi tanggung jawab kang gedhe.
           
D.    Kelebihan
Ing novel Sala Lelimangan iki akih banget pemahaman lan ilmu kang bisa kapetik salah sijine yaiku bahasa kang maneka warna ing novel iki kayata ngoko, krama, uga anane dhialek saengga kita uga bisa sinau basal an dhialek, ing novel iki nyaritakake kahanan ing taun 1947 kang akeh banget organisasi – organisasi kang ana ing tau kuwi. Lan organisasi – organisasi kuwi ya dicantumake ing novel iki, saengga kita ora mung bisa maca crita novel namung uga bisa nyambi sinau. Novel iki uga dilengkapi karo roman saengga critane ora monoton katuju ing pejuwangan namung uga ana kombinasi sing ora gawe bosen wong kang maca. Kita uga bisa mangerti kaya piye pejuwangane para pahlawan nalika mejuwangake kamardikane Republik Indonesia, saengga ndadekake kita tambah rasa patriotism, lan uga tresnane marang Indonesia iki.
E.     Kelemahan
Kekurangan ing novel iki angel ditemoni, mungkin kekurangane ana ing babagan panulisan utawa pengetikan kang salah kayata panulisan tembung pancen ing kaca 21, ing kana ditulis kanthi tambahan huruf “k” ing ngarep tembung. Sing kapindho yaiku anane panulisan kang ora ajeg kayata tembung Mangkono ing ukara siji, banjur ing ukara selanjute dadi Mengkono.

F.      Nilai Buku
a)      Nilai Moral
Saka novel iki kita uga bisa sinau saka tumindake Gusti Mutu Manikam kang duweni sipat grapyak, ngajeni marang sapa wae wonge. Ora mandheng saka wong sugih utawa mlarat, kabeh padha wae sing bedhakake mung tumindake kang prayoga utawa ala. ora mung saka tumindake Gusti Mutu Manikam wae kang bisa kita petik namung uga saka tokoh – tokoh liya kang duweni watak kang prayoga.
b)      Nilai Sosial
Saka novel iki kita bisa niru tumindake Bakhtiyar kang duweni watak ora gampang percaya marang wong kang lagi dikenali, nanging tetep ngajeni wong kang lagi ditepangi kuwi mau. Ora mung kuwi wae kita uga bisa sinau saka tumindake Bakhtiyar kang seneng paweh pitulung kayata nulungi Estuningsih nalika dirudapeksa dening Dhoreng, terus nulungi Dhoreng nalika lagi tarung karo Dhondhi kang duweni sipat ala.















Tidak ada komentar:

Posting Komentar