Minggu, 11 Januari 2015

Resensi Novel Garuda Putih


RESENSI NOVEL “ GARUDA PUTIH “




Disusun oleh      :
NAMA                        : Mufidatun nasriyah
NIM                 : 2601413084
Rombel                        : 3







JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2015

RESENSI NOVEL GARUDA PUTIH

u  Identitas novel     : Garuda Putih
u  Penulis      : Suparto Brata
u  Penerbit    : Narasi
u  Tahun terbit          : 2009
u  Tebal buku            : 148
u  Nomer seri ISBN : ( 10 ) 979-168-157-0
                                                 ( 13 ) 978-979-168-157-0
u  Dimensi ukuran    : 25,5 X 14,5 cm
u  Jenis kertas           : HVS
u  Sinopsis    :
Garuda Putih
            Emi, wong wado bayaran nalika tangi turu dheweke kaget amarga Abisuna , wong kang nggawa dheweke ing sawijining hotel ing pegunungan yaiku hotel Argadalu wis ora ana ing njero kamar . Esuk-esuk nalika wong loro nom-noman lanang wadon yaiku Manik lan Wicaksana lagi mlaku-mlaku ana ing taman , dheweke namoake mayit . Mayit mau digantung ing sak ndhuwure jirang. Mayit mau ora salah ya Abisuna .
Manik lan Wicaksana banjur enggal-enggal lapur karo meneger hotel yaiku Suhud. Banjur kasus mau ditangani dening polisi saka Surabaya sing njanjane lagi diugasi ngurus kasus durjana Garuda Putih . Kasus diperjayane Abisuna uga ditangani dening detektip kondhang yaiku Handoko , sing uga wis suwengi ana ing hotel Argadalu . Polisi nemoake kertas serbet Argadalu ing njero kaose Abisuna , kertas mau ana tulisane “ Ukumane wong slingkuh” . Kertas mau padha persis karo kertas sing ditinggalake nalika ana maling Rajabrana ing daleme Bapak Suryapriyangga ing Surabaya seminggggu kepungkur . Ing kertas sing ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga ana tulisane  “sing njupuk aku , Garuda Putih “ . Banjur padha ngannggep ten sing merjaya Abisuna kuwi ya Garuda Putih .
Kabeh wong kang ana ing hotel mau diperiksa dening polisi , lan kabeh wong padha duwe rasa curiga dhewe-dhewe . Bagus Pramutih dadi sasaran tudhuhan amarga dheweke gerak-gerike nyurigani . Nanging wis mesti gudu Bagus Pramutih sing merjaya Abisuna, amarga Bagus Pramutih teka ing hotel kana namung dikongkon dening nyonya Abisuna kanggo nyekseni yen Abisuna pancen tenan ora lagi dinas ana ing Malang , nangin lagi slingkuh ing hotel Argadalu. Nyonya Abisuna pikantuk info yen Abisuna lagi slingkuh saka surat budhek sing ditulis ing kertas serbet hotel Argadalu , surat mau jare dikirim dening Garuda Putih . Garuda Putih arep ngukum Abisuna amarga klakuane .
Guritna, tunangane Rara Suwarni ponakane meneger hotel uga dadi sasaran tudhuhan , amarga dandanane necis kata ciri-cirine Garuda Putih , umur-umurane uga padha . Lan dheweke teka ing daerah Tretes bareng karo tekane durjana Garuda Putih sing ditandhani anane kasus diperjayane Abisuna , lan Guritna ditudhun yen dheweke kuwi Garuda Putih . Nanging Polisi ora bisa mbuktikake yen Guritna kuwi Gariuda Putih , malah ana kabar yen Garuda Putih dina kuwi kecekel lan mati ana ing Surabaya bibar ngrampok . Otomatis Guritna bebas lan polisi sing ditugasake ing Tretes tugase uga dibubarake amarga Garuda Putih wis kecekel . Banjur kasuse Abisuna ditangani dening detektip Handoko . Banjur ketemu yen sing merjaya Abisuna kuwi ora salah ya Maridi , jongos hotel Argadalu . Motip pembunuhane yaiku amarga Maridi arep njebak Garuda Putih .   Maridi wis reti sapa kuwi Garuda Putih , yaiku Guritna. Maridi sing nulis surat budhek kanggo nyonya Abisuna , kanggo detektip Handoko , uga surat kang ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga . Maridi arep nggawe fitnah kanggo Garuda Putih , amarga Maridi wis suwe seneng karo Rara Suwarni tunangane Guritna . Maridi yaiku kanca cedhake Rara Suwarni nalika SMP , janjane Rara Suwarni uga seneng karo Maridi  nanging Ibune Rara Suwarni ora ngrestoni . Nanging polisi uga wis ngerti yen Guritna kuwi pancen Garuda Putih , naging Garuda Putih wis limang taun kepungkur pensiun lan ora tau nggawe geger meneh . Uga ora ana bukti kuwat yen Guritna kuwi Garuda Putih . Banjur sapa wong kang mati ngendhat ana ing Surabaya dina kuwi lan sakdurunge mati ngaku yen dheweke kuwi Garuda Putih ? . Wong kuwi yaiku anak buwahe Guritna , Guritna ngeculake manuk Doro kanggo ngirim nawala kanggo anak buwahe kuwi . Njaluk tulung kanggo nyelametake identitase . Otomatis Guritna wis ora bisa kena tudhuh.



u  Unsur intrinsik
A. Tokoh lan Penokohan
1. Guritna / Garuda Putih
Yaiku penjahat sing misuwur kepinterane. Garuda Putih uga disebut Durjana kang sinatriya amarga dheweke ngrampok kanggo mbela rakyat cilik lan wong kang ditindas . Wong kang dirampok biyasane yaiku koruptor .
Watak     : Cerdik , pahlawa nanging carane salah .
2. Emi
Yaiku wong wadon bayaran , Emi kuwi gendhaane Abisuna .
Watak     : Ora duwe norma .
3. Maridi
Yaiku pembantu ing hotel Argadalu , wong kang merjaya Abisuna.
Watak     : Dengki, kurang sopan , seneng fitnah , jahat.
4. Detektip Handoko
Yaiku detektip terkenal lan kerep ngewangi Polisi nalika nangani kasus . Detektip Handoko uga wong kang bisa nyekel sapa kang merjaya Abisuna .
Watak     : Cerdik , duwe wibawa , ora sembarangan yen tumindak.
5. Abisuna
Yaiku korban , Abisuna kuwi pwjabat sing alesan karo bojone arep rapat dinas ing Malng . Nanging malah nginep ing hotel karo wong wadon liya .
Watak     : Ora setiya , tukang ngapusi.
6. Bapak Pembantu Bupati Jawa tengah.
Yaiku pejabat sing kudune uga rapat karo Abisuna , nanging sakdurunge uga nginep ana ing hotel Argadalu . Sak urunge Abisuna mati mbegine uga umon-omongan bareng.
Watak          : Jujur
7. Suhud
Yaiku meneger hotel Argadalu.
Watak     : Jujur, bijaksana, setiti.
8. Bagus Pramutih
Yaiku wong kang diperintah dening nyonya Abisuna kanggo ngawas-awasi Abisua ig hotel Argadalu.
Watak     : Duweni rasa tanggung jawab, taat karo perintah.
9. Manik
Yaiku wong kang nemoake mayite Abisuna.
Watak     : Wedinan , gusa-grusu.
10. Wicaksana
Yaiku wong kang nemoake mayite Abisuna.
Watak     : Grusa-grusu
11. Nyonya Abisuna
Yaiku garwane Abisuna.
Watak     : Serik karo bojone nanging ora tegelan.
12. Marsoleh
Yaiku wong kang duwe warung ing ngarep hotel Argadalu.Warunge mau digawe marks Polisi kang ditugasi saka Surabaya .
Watak          : Simpatik
13. Kapten Muhajir
Yaiku kapten kang diperintah kanggo nangani kasus Garuda Putih ing Tretes.
Watak     : Ceroboh, emosional, keras kepala.
14. Kamdi
Yiku polisi kang ditugasi kanggo nangani kasus Garuda Putih.
Watak     : Patuh karo pimpinan, cekatan.
15. Kusnun
Yaiku polisi kang ditugasi nangani kasus Garuda Putih ing Tretes.
Watak     : Patuh karo pimpinan lan cekatan.
16. Rara Suwarni
Yaiku ponakae Suhud . Dheweke kancane Maridi.
Watak     : Kurang sopan, modern, nanging patuh karo wong tuwa.
17. Sermaafin
Polisi saka Surabaya .
Watak     : cekatan, lan patu7h karo pimpinan.
18. Harsalim
Kapten polisi .
Watak     : Ngati-ati, duwe wibawa.
B. Tema
Novel Garuda Putih karyane Suparto Brata, nduweni tema detektip lan pembunuhan. Nyeritaake diperjayane Abisuna dening Maridi pembantu hotel, tujuane kanggo njebak penjahat ulung yaiku Garuda Putih.
C. Alur
Alur kang digunaake ing ovel Garuda Putih yaiku alur campuran , amarga kejaba nyeritakake kadadeyan kanthi runtut nanging uga kadhang uga nyeritakake utawa mbalik ing masa lalu.
D. Setting
      1. Panngonan
        Hotel Argadalu, taman hotel, warung Marsoleh, surabaya, oahe Abisuna.
      2. Wektu
        Mbengi, esuk, sore, awan.
      3. Kahanann
        Tegang.
E. Sudut pandang
Sudut pandang sing digunaake yaiku Sudut pandang Orang ketiga serba tahu, amarga si penulis ora melu utawa terlibat dadi tokoh ing cerita, nanging si penulis reti persis kerpiye kahanan utawa situwasi ing njero cerita.
F. Amanat
        Mbelani kebeneran kuwi pancen bener , nanging aja nganti mbelani nkebeneran lan mbantu wong susah dadi alesan kanggo ngrugiake wong liya .
       Nggawe fitnah kanggo wong liya kuwi tumindak kang ala. Apa maneh yen nganti merjaya wong kang ora duwe ganhdeng cenenenge karo masalahe .
   G. Gaya bahasa
      Gaya bahasa sing digunaake ing novel Garuda Putih yaiku gaya bahasa biyasa kaya sing digunaake mbendina. Nanging dikemas kanthi menarik dening penulis dadi wong kang maca bisa kegawa ing njero cerita.
u  Kelebihan Novel
Kaluwihan saka novel Garuda Putih yaiku ana ig pengemasan ceritane sing menarik , ing saben BAB bisa nggawe rasa penasaran lan ending sing angel dibedhek nggawe rasa surprise kanggo wong kang maca.
u  Kekurangan
Kekurangane yaiku ing njero crita okeh banget tokohe, amarga kakehan tokoh wong kang maca dadi bingung kanggo ngeling-eling .
u  Manfaat isi buku / nilai dalam buku
Nilai sing bisa dijupuk kanggo wong kang maca yaiku nilai moral . Kita wajib mbela kebeneran nanging kudu nganggo dalan kang bener .
u  Saran
Aja kakehan tokoh sampingan , amarga wong kang maca angel kanggo ngeling-eling.


















16 komentar:

  1. Saya mau nanya tolong dijawab yah.
    kan di sinopsis ada kalimat digantung ing sak nduwure jirang.
    jirang itu apa ya artinya ?
    Dan watek setiti itu apa ?
    Trimakasih..

    BalasHapus
  2. Terimakasih novelnya bagus....

    BalasHapus
  3. Balasan
    1. Unsur intrinsik yaiku :
      a. Tema, yaiku ide pokok utawa masalah sing utama kang ndhasari lakuning crita.
      b. Setting iku minangka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita.
      c. Punjering Crita yaiku sudut pandang pengarang.
      d. Alur utawa plot yaiku rerangkening/cengkoronganing prastawa/kedadeyan ing
      crita.
      Alur ana 2 yaiku alur maju lan alur mundur
      e. Penokohan yaiku nggambarake karakter kanggo paraga utawa pelaku
      f. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita

      Hapus
  4. Pitutur yang terkandung dalam novel apa ya?

    BalasHapus
    Balasan
    1. pitutur yang terkandung dalam novel garuda putih yaiku :
      Kita wajib mbela kebeneran nanging kudu nganggo dalan kang bener .

      Hapus
  5. Struktur utawa unsur pembangun cerita garuda putih??

    BalasHapus
  6. Tanggapana gegayutane nilai nilai kang ana ing novel Garuda Putih Karo kabanjahe masyarakat Saiki?

    BalasHapus
  7. ada bentuk pdf novelnya tidak..? pengen baca

    BalasHapus