Cerita Rakyat Jaka Tarub
Wonten ing satunggaling
dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun.
Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka
Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati
kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika
dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten.
Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha.
Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan
ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge
dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah
wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’
subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika
sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes,
sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal
punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing
jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal
punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu,
amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun
wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri
sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi
sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten
percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget
amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami
gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan
widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun
wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal
pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten
satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami
widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi
Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka
Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten
ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub
ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila
Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun
kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun
Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep,
menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun
naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang
Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak
ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang
wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing
satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun
manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa,
piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun
dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng
ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan
Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten
bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan
boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan
manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa,
amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten
segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar