Kumbakarna
Lampahan Kumbakarna Gugur, kados sampun mboten asing
tumrap para kadang ingkang tresna dhumateng Budaya Wayang. Meh saben Dhalang
sampun kersa ngrekam lampahan menika. Nanging kados dene rampadan, sanes koki
ugi seje raosipun. Ing ngandhap kula cariyosaken sekedhik cuplikan adegan
saking lampahan ingkang badhe katur.
Kocap, Prabu Dasamuka ingkang adreng nguwaosi Dewi
Rakyan Sinta, mboten mendha angkara murkanipun, namging malah sangsaya ndadra.
Senajanta ingkang paman inggih menika Patih Prahasta nembe dados kurban,
kapupuh ing ngadilaga, nanging urubing angkara mboten saged kasirep. Semanten
ugi putra ingkang dinama-dama amargi gadhah kasekten ingkang ngedab-edabi
inggih Raden Bukbis Mukasura, temah sirna ing rananggana. Raden Bukbis Mukasura
senajanta saged mandeng geseng mengsah saking daya panas ingkang sumorot saking
netranipun, paripaksa sirna kenging kaca benggala ingkanga kaasta dening Raden
Lesmana Widagda.
Mila Prabu Dasamuka lajeng ngutus ingkang Putra
Indrajid Megananda ngaturi ingkang paman Raden Kumbakarna kinen majeng ing
palagan. Raden Kumbakarna ingkang nedheng tapa nendra paripaksa ginugah dening
ingkang pulunan. Ngendikanipun salajengipun ingkang kaucap dening ingkang
paman, sagah, kanthi bebana tumpeng sewu.
Raden Kumbakarna menika anggenipun majeng ing
palagan Mangliawan sejatosipun sanes ambelani angkara murkaning kadangipun
sepuh, inggih punika Prabu Dasamuka. Anggenipun majeng ing rananggana, Raden
Kumbakarna tumindak makaten, minangka wujud bela negari, ingkang kalurug
dening wadya bala wanara saking Pancawati. Amargi saking menika, pujangga
sastra ing jaman rumiyin nggolongaken Raden Kumbakarna dados salah satungaling
paraga ingkang katulis ing serat Tripama minangka paraga ingkang saged dados
tepa palupi wujud paraga pahlawaning bangsa.
Sanes cariyos, kejawi Raden Kumbakarna, tokoh
kontroversial sanesipun ingkang kalebet dados conto sae tumrap
jejering paraga ingkang dados tepa palupi pahlawaning bangsa, inggih menika
Adipati Karna.
Putra kaping kalih saking sedaya putra Begawan
Wisrawa ingkang wujud raseksa menika ing cariyosipun Ki Hadi Sugito, gugur
wonten ing palagan paprangan antawisipun wadyabala saking Ngalengkadiraja lan
wadya Pancawati, awit katrajang panah ingkang linepasan dening Raden Lesmana
Widagda. Ngungunipin, gugurpun Raden Kumbakarna menika awit saking iguh
pertikelipun rayinipun Raden Kumbakarna piyambak, ingkang mabalik tingal dados
mata pitaning Pancawati, inggih menika Raden Gunawan Wibisana. Ing cariyosipun
ringgit purwa, Raden Gunawan Wibisana awit dene mbalik tingal katelah Arya
Balik.
Rikala semanten, Narpati Sugriwa ingkang
methukaken yudanipun Raden Kumbakarna mboten mangga puliha mengsah karosan lan
kasektenipun Raden Kumbakarna. Raden Kumbakarna ingkang sejatosipun sanget
kapang kaliyan rayinipun, inggih menika Raden Wibisana, anggenipun tandhing
kaliyan Narpati Sugriwa malah kados dene nglela-lela angganipun Narpati
Sugriwa. Kajengipun sinambi ngentosi timbulipun ingkang rayi, Gunawan Wibisana.
Nanging saking lenanipun anggenipun nglela Narpati Sugriwa, grananipun Sang
Kumbakarna saged kacokot, ing wekdal menika Narpati Sugriwa saged uwal saking
panlikungkipun Raden Kumbakarna.
Adegan ingkang nganyut anyut jiwa kapireng
ing wahyanipun Raden Kumbakarna nalika sampun dumugi tiwas. Senajanta raga
sampun sinempal sempal nalika samanten, nanging gembungipun gumlundhung
mbrastha kathaing wadya wanara ingkang kalindhes dening liwungipun gembung.
Nalika semanten Raden Gunawan saged pepanggihan
kaliyan ingkang raka, senajanta Raden Kumbakarna sampun wujud badan alus. Ing
mriku, Raden Kumbakarna prasetya mboten badhe minggah ing tepet suci, menawi
mboten sesarengan kaliyan ingkang rayi, Raden Wibisana. Para sutresna ringgit
purwa temtu kemawon saged uninga ing lampahan Mahabarata, nalika lampahan Wahyu
Makutharama. Raden Kumbakarna saged pepanggihan malih kaliyan ingkang rayi ,
Gunawan Wibisana ingkang sampun ngrucat pepenginan eden-eden ing Janaloka,
ingkang wujud napsu 5 perkawis. Nanging paripaksa Sang Kumbakarna dereng saged
tumut kaliyan ingkang rayi, awit kedah ngambali laku darma.
Laku darma wau kedah dipun tebus awit saking
tindak ingkang wekdal menika dipun lampahi. Wekasanipun Sang Kumbakarna kedah
sajiwa kaliyan Satriya Munggul Pawenang, inggih Raden Werkudara. Lha ing mriki
empu Jawi saged nggandeng suraosipun lampahan Ramayana lan Mahabarata sinaosa
seje pangriptanipun.
Kados pundi mutu audio ingkang sampun kacithak
nalika ing tahun 1990? Elooook. . . . .
Saking primpenipun anggenipun ngrimat wujud kaset
seluloid ingkang cacahipun 7 iji, ngatos tancep kayon swantenipu taksih cling.
Elokipun stereo ingkang karekam sanget pilah. Malah kalih microphone ingkang
kaagem dening para waranggana saged kapireng kadhang wonten sisih kiwa, ingkang
setunggal malih waranggana lan penggerong wonten sisih kanan. Nyamleng
tenaaaaaannnn . . . . .
sumber: http://mahronishippuden.blogspot.com/2013/02/biografi-kumbakarna-dalam-bahasa-jawa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar