DURYODANA
PUTRA LAN GARWANE
Garwa prameswarine Prabu Duryudana sesilih Dewi Banowati, putrine Prabu
Salya ing Mandaraka. Senadyan Duryudana kuwi wujude cakrak, gantheng,
nanging emane bodho banget. Pikirane landhep dhengkul. Isih ketambahan
watake angkara murka. Muloa ora ana putri sing seneng karo dheweke.
Nalika arep ngrabi karo Dewi Erawati (putri pembayune Prabu Salya),
direbut utawa kalah dhisik karo Raden Kakrasana
(Prabu Baladewa). Arep kepingin ngrabi Dewi Surtikanthi (putrine Prabu
Salya sing angka loro), didhisiki Suryatmaja (Adipati Karna). Wasana
bisa dhaup karo Dewi Banowati merga pitulungane Raden Permadi (Arjuna).Satemene
Banowati ora nduweni rasa tresna marang Duryudana, jalaran Banowati wis
luwih dhisik sesambungan tresna marang Permadi.Mula Banowati njaluk
bebana: Gajah Putih, sratine putri sulisttya. Duryudana bisa miangkani
bebana mau marga pitulungane Permadi. Banowati banjur njaluk bebana
maneh: Patah (sing ngampingi penganten) putri ayu lan satriya bagus sing
ngungkuli para priya ing Mandaraka. Kuwajibane patah iki ndandani
manten putri sing ora liya sing dikarepake iya Permadi kuwi. Prabu
Duryudana iya banjur utasan marang Patih Sengkuni ana pratapan Wukir
Retawu ana ngarsane Begawan Abiyasa saperlu arep nyuwun ngampil Permadi
supaya maesi temanten putri. Panembahan Abiyasa iya marengake Permadi
kaboyong ana Mandaraka saperlu maesi temanten putri. Mula iya ora mokal,
yen Banowati kang banjur dadi garwane Prabu Duryudana iku satemene wis
ora prawan maneh amarga diprawani Permadi. Saka anggone bebrayan
Banowati nduweni anak loro lanang-wadhon, kang sesilih Raden Lesmana
Mandrakumara iya Sarojakesuma lan Dewi Lesmanawati. Akeh sing mawastani
yen anak loro iki sejatine dudu anake Duryudana, nanging ana uga kang
nyebut yen ramane Leksmanawati iku Arjuna.
PATINE
Ing Bharatayudha, Duryudana dadi senopati Korawa kang pungkasan mungsuh karo Werkudara Bima.
Sekawit Werkudara kang ngadhepi wektu kuwi bola-bali meh kasoran.
Pungkasane Werkudara bisa ngerti yen pengapesane Duryudana ana ing
pupune (wentise)kang sisih kiwa. Nalika Duryudana lena kaprayitnane,
wentise digitik nganggo gadha Rujakpolo dening Werkudara saengga
kuwandane Duryudana jengkelang gumebruk ing bantala. Nuli musthane
dikepruk nganggo gadha lan pasuryane diungsep-ungsepake ana wadhas curi
saengga wewujudane memper jrangkong. Ana kahanan sekarat, Duryudana isih
kober nguman-uman marang Werkudara lan para Pandhawa liyane.
Diunek-unekake kaya mengkono iku Werkudara meh wae muntab kanepsone
nanging dipenggak Prabu Kresna. Wusanane Duryudana enthek dayane lan
banjur mati kanthi aniyaya ana sajroning paprangan Baratayuda kang
pungkasan, mbarengi ambruke negara Ngastina. Mula perang iki banjur
karan crita "Rubuhan Duryudana Gugur".
Sumber: http://jv.m.wikipedia.org/wiki/Duryodana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar