Minggu, 11 Januari 2015

CERKAK




Koran Cilik
“Koran, koran. Ayo pak bu tumbas Koran, boten larang mung kalih ewu.Mangga dipuntumbas Pak, Bu.” Anak kang durung pantes nyambut gawe wis ngupaya rana rene kanggo mangan. Neng papan ngendi wae diparani, neng dalan, neng omah – omah warga.Upaya kang gedhe kuwi dilakoni kanggo urip. Bocah kang kudune ana ing papan pawiyatan, dolanan, gegojegan karo kanca – kanca, nanging ora kanggo Ucup, bocah kang awit cilik mula wis mbanting tulang kanggo nyukupi uripe. Iya, dheweke pancen bocah kang duweni tekad keras kanggo nguripi awake lan kakange kang lagi mujur ana ing kasur. Wis telung taun, kakange teturon ana ing kasur. Ucup lan kakange mung urip cah loro, ora ana wong liya ing omahe. saben dina sing ngrumati kakange ya mung Ucup, wong tuwane ora ngerti lunga ngendi. Awit bayi mula Ucup ditinggal wong tuwane, saben takon marang kakange ngengingi wong tuwane, kakange ora tau jawab, dheweke malah nesu lunga ninggalna Ucup. Mula awit iku Ucup wis ora wani takon – takon maneh ngengingi wong tuwane marang kakange, dheweke kuwatir yen kakange lunga maneh. Sanajan dheweke kepengin banget ngerti kaya piye wong tuwane, nanging kabeh iku bisa disimpen rapet – rapet dening kakange. Saben ngerti bocah – bocah liya padha gegandhingan karo bapak ibuke, dheweke sedhih, nganti ora krasa yen eluhe tumetes.Ucup pancen bocah kang duweni andhap ashor marang sapa wae, ora mung kakange. Mula ora salah yen akih wong padha asih marang dheweke, sanajan ta ora ana wong tuwa neng sampinge, nanging tansah ana wong kang tresna marang dheweke. Kuwi kang gawe semangat awake.
            Sawijining dina, nalika Ucup lagi dodolan Koran ing dalan, dheweke ngerti yen ana copet kang arep nyopet ibu – ibu. Banjur dheweke duweni niat arep nulungi ibuke, nanging durung nganti tekan jambrete malah wis mlayu lan ngwehake dompet mau marang Ucup. Kirane Ucup dompet kuwi isih utuh, lan dheweke duweni niat arep balekake dompet kuwi marang sing duwe. Nanging niat apike kuwi mau, malah ditampa elek dening warga ding padha ngejar maling mau, para warga mau ngira yen Ucup kuwi sing wis jupuk dompete ibu – ibu mau. Ucup nyoba jelasna nanging, wong – wong padha ora percaya, banjur dheweke digawa menyang kantor polisi.
            “Bocah cilik kok wis wani nyolong, bapak ibumu kuwi piye. Isa didik anake apa ora.” Omonge salah sijine bapak – bapak sing gawa Ucup neng kantor polisi.
Krungu yen bapak ibuke digawa – gawa, dheweke san saya sedhih. Kepiye carane ora sedhih, yen wong kang disayang kuwi ora salah lan ora ana hubungane karo perkara kuwi malah disalah – salahake.
            “Pak polisi, samenika kula boten maling, Pak. Kula menika sadeyan Koran, kula boten maling, Pak.” Omonge Ucup nyoba jelasna marang polisi kang ana ing ngarepane.
            “ngene nang, yen pancen awakmu iki dudu maling, mula undangen lan hubungi keluargamu saiki.” Sambunge polisi.
            “Ngapunten Pak, samenika kula boten tinggal kaliyan tiyang sepuh kula. Kula namung kalih kakang kula, ingkang nembe gerah pak. Sampun tigang taun ing kasur, Pak. Pak ampun ukum kula, kula boten maling pak, samenika kula badhe nulungi ibu – ibu ingkang badhe dicopet.Nanging maling wau malah maringake dompet wau dhateng kula, Pak.” Ucape Ucup kang lagi nyoba jlentrehna apa kang sebenere kelakon.
            “ya wis yen pancen awakmu iki dudu maling, apa pancen maling. Entenana nganti sing duwe dompet iki mau mrene.” Sambung pak polisi.
Wis ana karo tengah jam anggone Ucup ngenteni tekane ibu – ibu sing duwe dompet, ora suwe ana suwara wong mara.
            “Bu, manga lenggah rumiyin.” Ucape pak polisi nyumanggakake ibu – ibu mau.
            “Bu, menapa tiyang ingkang sampun mundhut dompetipun panjenengan menika, tiyang alit menika ?” takone pak polisi kanthi nyudhing Ucup.
Ibu – ibu mau nyoba ngeling – eling kedadeyan mau, lan uga nyawang Ucup kang ana ing sandhinge.
            “sanes, Pak. Boten,,, samenika boten adik niki. Tiyang ingkang sampun mundhut dompet kula wau yuswane kinten – kinten sampun kalih dhasa, boten adik niki.”Ucape ibu – ibu mau anggawe ayeme atine Ucup.
            “Yen ngono, dudu cah cilik iki ta Bu ?takone pak polisi rada ewuh amarga ora gelem ngrungokna katrangane Ucup. Ibuke mung mantuk wae.
            “Dek Ucup. Apuranen ya.omahmu ngendi , Dek ? mengko ben diterna Pak Sutris.” Pak polisi nakoni Ucup kanthi nunjuk bapak – bapak sing ana ing sandhinge.
            “Boten usah repot – repot, Pak. Kula boten badhe wangsul kok. Kula bade nyambut damel.” Jawabe Ucup nolak patulungane Pak polisi.
            “Loh awakmu kerja apa, Nang ?awakmu ora sekolah ta ?” Pak polisi takon maneh kanthi kaget, amarga bocah cilik sing kudune sekolah malah wis nyambut gawe.
            “Kula boten sekolah, Pak. Kula boten gadhah arta kagem biayai sekolah.” Jawabe Ucup
            “Loh bapak – ibune adhik teng pundi ?” takone ibu – ibu sing kecopetan mau.
            “Kula boten mangertos, bapak – ibu kula wonten pundi, Bu. Awit cilik kula lan kakang kula sampun ditinggal bapak – ibu kula tindak teng pundi kula boten mangertos.” Jawabe Ucup.
            “Lah saiki awakmu mung urip karo kakangmu, Dhik ?” takone ibu – ibu mau.
            “inggih, Bu.”
            “Ngene wae, Nang.Awakmu iki isih cilik kudu sinau kanggo sangu tuwamu besok. Nang saiki awakmu tak jupuk dadi anak angkatku, kebetulan aku lan garwaku durung diparingi putra. Mengko awakmu tak sekolahna nganti lulus sarjana.” Omonge pak polisi.
            “Boten, Pak. Menawi kula dipunpundhut putra, mangkeh kakang kula pripun ?kakang kula nembe gerah, Pak.” Jawabe Ucup nolak patulungane Pak Burhan Polisi sing wis nangnkep dheweke.
            “Ngene, Nang. Awakmu lan kakangmu mengko neng omahku. Mengko kakangmu supaya dirawat rewang sing ana ing omahku, Nang. Lan awakmu sekolah kanthi bener Nang.” Jawabe pak polisi kanthi tulus bantu Ucup.
            “Dhik, trimaa apa sing diomongna bapake dhik.Iki ora mung kanggo awakmu, iki uga kanggo kakangmu. Awakmu bisa gawe senenge kakangmu lan wong tuwamu sing wis lunga ninggalna awakmu, Dhik. Trimaa Dhik.” Sarane ibu – ibu mau.
Sakwise kedadeyan iku mau, Ucup mikir – mikir baba pa sing ditawarna Pak Burhan. Kakange sing ngeti adhike lagi ngelamun banjur nyedhaki adhike lan nakoni apa kang dipikirna. Sadurunge Ucup mamng arep nyeritakna apa ora, nanging Ucup banjur nyeritakna apa kang kedadeyan ing awan maul an crita bab tawarane Pak Burhan. Krungu apa kang dicritakna Ucup baba pa kang ditawarna Pak Burhan, kakange banjur nolak tawarane Pak Burhan. Dheweke kuwatir yen Pak Burhan kuwi wong licik sing bakal ngedol adhine, Uucp nyoba nyeritakna kepiye latar belakange Pak Burhan kuwi mau, nanging tetep wae ditolak kakange.
Esuke Ucup ketemu karo Pak Burhan, banjur ditakoni ngenani tawarane Pak Burhan.Ucup blaka marang Pak Burhan ngengingi omonge kakange. Dheweke sedhih marang omonge kakange, amarga yen kakange tetep wae nolak dheweke ora bisa sekolah kaya apa kang diimpekna awit biyen. Pak Burhan lunga neng omahe Ucup kanggo jelasna niyat apike marang kulawargane Ucup.Sadurunge kakange tetep wae nolak, nanging dheweke ora tegel ngeti adhike nangis amarga niyate sekolah bakal ilang amarga kakange ora setuju marang tawarane Pak Burhan.Banjur kanthi spontan dheweke mantuk nalika Pak Burhan takon kaping terakhir marang kakange Ucup.Ngeti kakange setuju, Ucup banjur ngrangkul kakange kanthi nangis.Dheweke ora percaya yen bakal isa sekolah kayata bocah – bocah liyane.
Ucup wis ana ing kelas 1 SD, sanajan umure luwih setahun ing kelas 1 SD. Nanging dheweke tetep semangat nggayuh ilmu. Apa kang diomongna Pak Burhan pancen bener, Pak Burhan nguripi Ucup lan kakange kanthi tulus, Ucup lan kakange wis dianggep kaya anake dhewe. Samono uga garwane Pak Burhan uga tulus ngrawat Ucup lan kakange. Ucup seneng amarga bisa ketemu wong kanga pike kaya Pak Burhan lan garwane. Dheweke duweni tekad bakal gawe senenge Pak Burhan lan garwane, ora lali uga kanggo kakange.

Tamat
           


SINOPSIS NOVEL SERAT RIYANTA



Serat Riyanta
Diceritakna yen ing kutha Surakarta ana sawijine wong kang duweni budhi luhur, jenenge Pangeran Notosewaja. Pangeran kuwi duwe anak lanang kang jenenge Raden Mas Riyanta. Nalika Raden Mas Riyanta umur 6 taun, dheweke wis ditinggal bapake. Raden Mas Riyanta mung diemong dening ibune. Ibune saying banget marang Raden Mas Riyanta. Nalika umur pitung taun Raden Mas Riyanta dipindah menyang Semarang. Ana ing Semarang Riyanta melu Pakdhene, kang jenenge Tondowijoyo. Ing kana Riyanta dididik dadi wong kang bagus solah bawane. Ibune dadi seneng amarga duwe anak siji sing bagus rupane uga bagus solah bawane. Mula iku ibune gelem nuruti apa wae kang dadi kekarepane Raden Mas Riyanta. Nalika Riyanta wis umur 20 taun, dheweke durung pacangan mula ibune dadi susah. Ibune paring dhawuh marang Raden Mas Riyanta supaya cepet luru pacangan. Nanging Raden Mas Riyanta durung kepengi duwe gandhengan, banjur dheweke ngulur – ngulur wektu. Alesanae isih kepengin luru pengalaman urip. Ing sawijine dina Raden Mas RIyanta ketemu karo Raden Mas Durjat, kang diajak lunga menyang alun – alun delok kumidi bradu. Ing kana kebakaran kang marakake wong – wong padha mlayu kanggo nyelametake awake dhewe  - dhwe. Nalika arep balik RadenMas Riyanta ditabrak dening wong wadon, wong kuwi mau nangis ngundhang – ngundhang wong tuwane amarga ora tega ngeti wong wadon mau Riyanta banjur ngeterake wong wadon mau balik, nanging durung nganti diterake wong wadon mau malah ngilang. Raden Mas Riyanta durung nganti kenalan, nanging Riyanta wis seneng marang wong wadon mau. Sakwise saka kumidi Riyanta banjur bali menyang omah. Tekan omah ibune malah jodohake dheweke. Amarga ora sarujuk marang perjodohan mau Raden Ms Riyanta lunga amenyang Boyolali. Nalika wis rada susut anggone ngrasa perjodohan mau, Riyanta banjur bali menyang omah. Raden Mas Riyanta ketemu karo wong wadon kang ditemoni nalika ing kumidi. Wong wadon mau jenenge Raden Ajeng Srini yaiku putine Kiyai Paramayoga, kang sebenre bakal dijodohake marang dheweke. Banjur ngerti yen sing bakal dijodohake karo dheweke iku Srini banjur Riyanta sarujuk marang perjodohan kuwi mau.

MACAPAT

Sekar Macapat Mijil, Laras Sleendro Pathet Sanga Miring

Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk

Makna teks :
Wonten teks nginggil menika salah satunggaling wejangan ingkang saking tiyang sepuh marang para putra ugi putunipun, menawi wosipun inggih menika tiyang sepuh paring dhawuh utawi paring wejangan marang putra ugi putunipun menawi wejanganipun ingkang dipunandharaken dening tiyang sepuh kedah ugi tansah dipuneling – eling. Ingkang kaping kalih inggih menika para putra ugi putu kedah dados tiyang ingkang anggadhahi budhi ingkang luhur. Kedah alim ugi kedah anggadhahi andhap asor. Boten angkuh ugi saged ngetrepaken awak wonten ing kahanan menapa kemawon.

Sekar Macapat Sinom, Laras Pelog Pathet Barang
Mumpung anom marsudiya
Lelandhesan budhi suci
Denya manembah hyang Suksma
Yekti yuwana sakalir
Asih tresna sasami
Pan iku dadiya wotipun
Adoh marang kanisthan
Mring janji tan balenjani
Tatag tangguh saguh ing samubarang karya

Wosipun :
Cakepan ing nginggil menika anggadahi makna ingkang saged dipundadosaken panutan kagem para enem, inggih menika supados tansah marsudi utawi ngupaya amargi menawi taksih enem kita sedaya anggadhahi wekdal ingkang langkung suwe tinimbang tiyang ingkang sepuh pramila kita kedah ngupaya. Nalika ngupaya kedah miturut akal ingkang becik, ugi tansah dipunimbangi kaliyan dedhonga amargi upayaingkang boten diimbangi kaliyan dhedhonga bakal siya – siya, pramila kita ugi kedah manembah marang Gusti, sedaya menika kedah dipuntindakaken kanthi tulus. Ingkang salajengipun kita kedah paring katresnan marang sapadha – padha amargi kita menika boten saged ngaurip piyambakan kita kedah ugi tansah mbetahaken tiyang sanes. Sedaya menika menawi sampun dipuntindakaken kita sedaya bakal tebih saking kanisthan. Samenika ugi kelakon dhumateng sedaya ingkang boten mbalenjani janji. Kita sedaya ugi kedah tatag, tangguh lan saguh marang kabeh kanisthan.

Sekar Macapat Kinanthi, Laras Slendro Pathet Sanga
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami

Wosipun :
Tiyang ingkang luhur menika betah melek uga kedhik tilem ingkang dipunwastani betah melek ugi kedhik tilem inggih menika tiyang ingkang remen nyambut damel, ngawruh, lan ugi ngupaya tinimbang tilem, amargi tiyang ingkang melek mesthi angsal kathah paedah tinimbang tiyang ingkang namung remen tilem. Eling – elingana tindak tanduk ingkang sopan inggih menika menawi kita nerapaken tindak tanduk kedah kanthi sopan dhumateng sedaya kemwon, kita kedah ngajeni tiyang sanes supados tiyang sanes menika saged ngajeni kita. Lan ugi menawi guneman kaliyan tiyang sanes kedah ingkang sae supados dipunremeni dening sapadha – padha.

Sekar Macapat Dhandhanggula, Laras Slendro Pathet Sanga
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kawruh ing hokum
Kang ngibadah lan wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkur
Tan mikir paweweh ing liyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruhana

Wosipun :
Menawi panjenengan sedaya merguru marang wong lanang utawi badhe mbangun balewisma kaliyan tiyang jaler kedah madosi utawi milih ingkang becik. Inggih menika ingkang becik martabatipun ugi ingkang mangertosi hukum, ingkang ngibadah ugi anggadhahi lingsem, langkung becik malih menawi saged angsal tiyang ingkang tapa. Tanpa menggalih menapa kemawon ingkang sampun diparingaken kagem tiyang sanes, saha ugi panjenengan sedaya kedah mangertosi menawi tiyang ingkang kala wau menika pantes dipuntiru.
Wonten ing cakepan tembang samenika anggadhahi makna menawi kita sedaya badhe mbangun balewisma kaliyan tiyang jaler pramila kita sedaya kedah madosi utawi milih tiyang ingkang sae, menawi tiyang sepuh samenika ngandharaken menawi madosi tiyang jaler kedah nggatekaken bobot, bebet, bibit. Bibit samenika saking pundi tiyang jaler ingkang samangke dados guru kita menawi langkung cetha kulawarganipun tiyang jaler menika, menapa saking kulawarga ingkang sae utawi boten. Bebet samenika dumugi pundi tiyang siyaganipun tiyang jaler menika anggenipun paring nafkah kagem kulawarga ingkang badhe kita bangun. Samenika langkung dipuntitikberatkan wonten ing aspek ekonominipun. Bobot samenika cakupanipun langkung luas inggih menika watakipun tiyang jaler, tindak tanduk ingkang sae, kepinteranipun, pendhidhikan ingkang nate dipunlampahi, derajat ugi pangkat, lan sanesipun. Sedaya ingkang wonten ing nginggil menika kagem tiyang ingkang mbangun balewisma supados boten kelentu anggenipun madosi utawi milih calon guru utawi garwa, supados kulawarga ingkang badhe kita bangun saged tentrem, ayem, lan ugi harmonis.

Sekar Macapat Asmaradana, Laras Slendro Pathet Sanga Miring
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima

Wosipun :
Samenika dipun andharaken kagem para tiyang jaler supados boten tilem ing wanci sonten, amargi ing wanci samenika para dewa ngubengi jagad ngasta guci mas ingkang wosipun donga tulak balak. Sandhang lan pangan ugi bageyanipun. Tiyang ingkang betah melek, sabar, lan narima ing pandum.

Sekar Macapat Gambuh, Laras Pelog Pathet Nem
Pitutur bener iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik wurukipun
Iku pantes sira anggo

Wosipun :
Pitutur ingkang sae samenika pantes kita tiru, sanajan pitutur samenika saking tiyang ingkang nistha. Menawi pituturipun sae nggih kedah kita tiru.

Sekar Macapat Maskumambang, Laras Slendro Pathet Sanga
Wong manut tuture wong tuwa ugi
Panemu duraka
Ing dunya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang – surang
Wosipun :
Tiyang ingkang boten purun nurut kaliyan menapa kemawon ingkang dipunandharaken dening tiyang sepuh menika bakal angsal dosa. Inggih menika wonten ing donya ugi akheratipun.

Sekar Macapat Pangkur, Laras Slendro Pathet Sanga
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ing aranan cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Aja kaya si pengung agung gumunggung
Ugungan sadina – dina
Aja mangkono wong urip

Wosipun :
Ingkang kados samenika ngelmu ingkang leres. Kanyatan ingkang ngresep ing manah. Kasenenga dipunanggep bodho. Saking ingkang sae dumugi ingkang awon. Ampun kados tiyang ingkang bodho ugi angkuh. Sedinten – dinten namung dipunuja kemawon. Menawi dados tiyang ampun kados samenika.

Sekar Macapat Megatruh, Laras Pelog Pathet Barang
Mangkanyata wicarane sepet madu
Sesadone adu manis
Memanise yen gumuyu
Ayu rahayuning dhiri
Widagda nganggit lelakon
Wosipun :
Menapa kemawon ingkang dipunandharaken samenika manis. Menawi guneman kaliyan tiyang sanes ugi manis. Menapa malih menawi ngguyu, ayu ugi keslametan wonten ing awakipun. Pinten anggenipun tumindak.
Sekar Macapat Pocung, Laras Pelog Pathet Nem
Bocah iku sopan santun iku perlu
Bekti mring wong tuwa
Dhawuhe guru den esthi
Sinau amrih katekan kang den sedya
Wosipun :
Kita sedaya menika kedah andhap asor. Bekti marang tiyang sepuh. Nurut menapa kemawon ingkang dipunadharaken dening guru kita. Ugi kita sedaya kedah anggadhahi niyat ngawruh ingkat kiat supados saged nggayuh sedaya gegayutan kita.