Senin, 08 Desember 2014

Saridin

Saridin

Sunan Muria duwe murid jenenge Kyai Ageng Keringan, Kiyai Ageng Keringan mung duwe anak siji estri. Kiyai Ageng Keringan lunga rapat ing Masjid Sunan Muria karo Sunan Bonang, Sunan Kalijaga. Sakwise rapate bubar, Kiyai Ageng Keringan banjur bali menyang omah. Satekane ing omah, Garwane ngandut. Nalika Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga menyang ing omahe Kiyai Ageng Keringan, Garwane Kiyai Ageng banjur lairan, anake lanang dijenengi Saridin. Saridin duwe mbak jenenge Branjung. Nalika lagi seneng – senenge ngeti bayi sing lagi lair, ora dinyana – nyana ibuke Saridin sing jenenge Sujinah seda.  Amarga Sujinah kuwi seda nalika nglairna bayi, banjur sedane Sujinah dijenengi Seda Kunduran. Banjur Sujinah kuwi namane diganti dadi dewi Samaran.
Singkat critane Saridin wis gedhe, wis diwasa samono uga mbakyune ya wis gedhe. Branjung nikah karo Sariyo. Bojone Branjung mau duweni watak nakal, dheweke tau metengi wong wedok. Dheweke dituntut supaya gelem nikahi wong sing wis digawe meteng mau, nanging Branjung ora gelem dimadu. Banjur Branjung jaluk tulung marang adine supaya gelem ngawini wong wedok sing wis ditengi Bojone mau. Saridin banjur manut lan gelem ngawini wong wedok mau, amarga Saridin kuwi duwe watak nurutan. Saridin banjur nikah karo wong wedok sing ditengi mas ipare, jenenge wong wedok mau yaiku Sarmini. Singkat critane, Sarmini lairan. Nglairna bayi lanang dijenengna Momok.
Amarga Saridin wis ditinggal seda wong tuwane, dheweke lan mbakyune sing ora duwe anak kuwi ditinggali kebun wong tuwane, kebun mau isine tanduran duren. Tanduran duren mau diparo kanggo wong loro, yen durene uwuh lan tiba ing wayah esuk kuwi dadi duwene Mbakyune, yen uwuh wayah wengi duwene Saridin. Ora dinyana – nyana duren sing tiba ing wayah wengi kuwi akih lan wayah esuk mung sitik. Bojone Branjung duweni sifat nakal, dheweke dheweke ora nrima yen duren jatahe Saridn kuwi luwih akih tinimbang duwene. Banjur dheweke duwe niyatan arep jupuk duren sing tiba ing wayah wengi, yaiku duren sing kudune duwene Saridin. Niyate jupuk duren sing tiba ing wayah wengi mau dilakokake karo nyamar dadi macan. Saben duren sing tiba ing wayah wengi mau dijupuk macan kuwi mau, suwe – suwe Saridin ngerti bab kuwi mau sadurunge dheweke curiga yen durene sing tiba ing wayah wengi kok cepet ilange. Dheweke ngawasake macan sing jupuki durene, banjur macan kuwi mau dipateni nganggp pucukan pring. Macan mau mati, lan nyuwara “ waduh “. Krungu suwara kuwi, Saridin bingung macan kok bisa nyuwara kaya wong sing kelaran. Ngerti yen bojone mati, Branjung jerit – jerit, dheweke takok marang adhine sapa sing wis tega mateni bojone. Saridin jawab yen sing mati kuwi dudu bojone mbakne nanging macan, banjur dheweke ngaku sing mateni macan kuwi mau dheweke.
Krungu bab kuwi mau, perangkat desa padha teka. Saben Saridin ditakoki sapa sing mateni bojone Branjung, dheweke ora ngaku, dheweke mung ngomong yen dheweke kuwi mateni macan ora kangane.  Amarga dheweke wis mateni mas ipare, banjur dheweke diukum, ukumane yaiku dheweke digawa neng  tahanan. Nalika neng tahanan dheweke kepengin ketemu karo anak bojone, banjur dheweke kandha marang petugase, petugase mung jawab yen Saridin kena metuki anak bojone, yen dheweke bisa metu dhewe. Banjur dheweke metu saka tahanan kuwi tanpa dibantu petugas. Tangga omah sing ngerti yen Saridin sing kudune ana ing penjara malah metu saka penjara banjur padha nggudak. Saridin lunga menyang Kudus.
Ing Kudus dheweke merguru marang Sunan Kudus. Ing kene dheweke tambah dudohake kehebatane. Nalika dheweke diutus Sunan Kudus supaya maca syahadat, dheweke diremehna santri – santri liya ing kana. Ora mung kuwi wae, dheweke uga digawe kalah – kalahan santri. Nalika ana tugas ngisi bak, dheweke ora diwenehi gayung malah diwenenhi keranjang. Amarga dheweke pinter, mula keranjang kuwi mau kena gawe ngebaki bak. Ngerti ngono mau, santri – santri padha kaget, Sunan Kudus banjur rawuh lan nguji kehebatane Saridin. Sunan Kudus, nakoki Saridin bab kelapa sing digawa. Takokane yaiku “yen banyu kuwi mesthi ana iwake, apa iya banyu klapa ing jero iki ana iwake ?” Saridin jawab “ yen Gusti Allah ngersake,nggih wonten sunan.” Klapa kuwi mau banjur dipecah, lan kabukti yen ing jero klapa mau ana iwake. Ngerti yen Saridin kuwi duwe kahebatan kaya ngono mau, banjur Sunan Kudus paring dhawuh supaya saridin ora maneh ngedaki lemah Kudus, supaya kahebatane kuwi mau ora dadi syirik wong liya. Ananging Saridin ora gelem lunga saka kudus, dheweke malah manggon ana ing sapiteng yaiku ing ngisor WC, nalika ana wong wedok lagi ana ing WC dheweke kaget ana Saridin ing kana. Banjur dheweke jerit – jerit, Sunan Kudus krungu bab kuwi banjur ngutus Saridin supaya lunga saka Kudus. Banjur dheweke lunga saka Kudus, lan tumuju ing Demak.
Ana ing Demak, Saridin ketemu karo gurune yaiku Sunan Kalijaga. Dheweke diutus supaya tapa ing laut, nalika Saridin tapa dheweke mung digawani klapa loro kanggo pelampung. Dheweke ora kena mangan, lan ora kena mangan yen ora saka banyu sing tiba saka dhuwur. Sakbubare tapa dheweke banjur dadi Syeh Jangkung ana ing Pati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar