Assalamualaikum wr wb
para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten,
Bapak Prawoto minangka kepala dusun selarejo ingkang kinurmatan,
Tamu undangan ingkang boten saged kula sebataken setunggal - setunggal ingkang kula kurmati.
Sumangga langkung rumiyin kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun saengga kita sedaya saged kempal wonteng ing adicara pengetan dinten kamardikan kanthi bagas, waras boten wonten kirang setunggal menapa.
Shalawat saha salam mugiya tansahn kita aturaken dhumateng junjungan nabi agung, Nabi Muhammad SAW, ingkanmg tansah kita tengga syafaat wonten ing yaumul akhir.
Bapak, ibu, para rawuh ingkang kula kurmati. kula minangka sesulihipun para kadang panitia ngaturaken agunging panuwun dhumateng :
Bapak Prawoto minangka kepala dusun Selarejo saha perangkatipun, ingkang sampun kersa rawuh wonten ing adicara pengetan dinten kamardikan samenika.
Bapak Ikhsan minangka ketua RT ingkang sampun paring pangestu saha panyengkuyung wonten ing adicara samenika.
Warga kakung putri, ingkang sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon.
mugiya sedaya kesaenan panjenengan pikantuk piwales dening Gusti ingkang Maha Agung.
Bapak, ibu, para rawuh ingkang kula kurmati.Kula nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi wonteng ing adicara samangke kathah lepat saha kirang mrenani ing manah panjenengan sedaya. Kula minangka sesulihipun para kadang panitia tansah nyuwun supados panjenengan sedaya kersa lenggahan sinambi mirsani lampahipun adicara saking purwa madya dumugi wasana.
Wasana, cekap semanten atur kula. Menawi kathah lepating atur ugi kirang subasita kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum wr wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar