Rabu, 10 Desember 2014

Tradhisi " Buka Luwur Desa Garung Kidul "

Buka Luwur Mbah Tugna Al Muchtar
Samenika tradhisi ingkang wonten ing Desa Garung Kidul, Mbah Tugna menika priyantun utawi pepunden ingkang wonten ing Desa Garung Kidul. Menawi tradhisi samenika awujud khaulipun utawi donga kagem Mbah Tugna Al Muchtar leluhur ingkang sampun bangun Desa Garung Kidul. Tradhisi menika dipuntindakaken saben tanggal 16 Muharram wonten ing punden utawi makamipun Mbah Tugna Al Muchtar. Menawi runtutan adicara menika slametan wonten ing wanci sonten ba’dal ashar lajeng maos ing wanci dalu ba’dal isya’. Ing wanci enjing samenika belih menda, menda ingkang saking iuranipun para warga desa Garung Kidul, ugi menawi wonten tiyang ingkang kersa paring menda. Menda menika dipunbelih dening Kiyai ing Desa Garung Kidul, lajeng ingkang masak bapak – bapak inggih menika wonten ketua RT, para perangkat RT. Awit siyang dumugi ba’dal ashar utawi sederengipun slametan dipuntindakake para warga ngasta sekul kaliyan ulam menapa kemawon wonten ing punden. Ing wanci sonten dipuntindakaken slametan ingkang dipunpimpin dening Pak Moden lan dipuntindakaken dening para warga, slametan samenika wujud puji syukur dhumateng Gusti ingkang sampun paring rizki saha kawilujengan dening warga Desa Garung Kidul. Wonten ing slametan menika wonten donga ingkang dipunwaos dening Pak Moden, sesampunipun dedonga lajeng “ kepungan “ sekul ingkang sampun dipundongani, menika wujud rerukunan supados warga Desa Garung Kidul tansah rukun, ancasipun slametan menika kagem nyuwun dhumateng Gusti supados para warga Desa Garung Kidul tansah dipunparingi slamet.  Menawi slametan menika sampun bibar, ing Wanci dalu inggih menika ba’dal isya dipunwontenanken pengajian wonten ing pengajian menika kagem dongakaken para leluhur ingkang sampun bangun Desa Garung Kidul, mliginipun Mbah Tugna Al Muchtar. Wonten ing pengajian menika wonten tahlilan, lan ugi cariyos ngengingi Mbah Tugna Al Muchtar. Ing adicara pungkasan inggih menika badum sekul ingkang dipunbungkus ing godhong jati, sekul menika ingkang saking para warga, ingkang sampun dipunurus dening para panitia.

Gurit " Cilik "

Cilik

Bocah – bocah iku
Bocah kang padha lumaku
Lumaku ing dalan
Dalan, papan kerja
Bocah cilik wus ngusaha
Ngusaha kanggo uripe
Ana ngendi bapa biyune
Apa ya tegel ninggalna anake
Apa ya tegel ngeti anake
Kerja kanggo uripe
Panas atis kayata wus ora krasa
Saking suwene kerja dalan
Bocah, seharuse ing papan pawiyatan
Ananging kudu kerja
Kayata wong diwasa
Eluh, kringet, kang ana
Sok ugi ora padha dipikirna
Dening wong liya
Sing amung ngrasa senenge dunya

Cerita Cekak " Koran Cilik "



Koran Cilik
“Koran, koran. Ayo pak bu tumbas Koran, boten larang mung kalih ewu. Mangga dipuntumbas Pak, Bu.” Anak kang durung pantes nyambut gawe wis ngupaya rana rene kanggo mangan. Neng papan ngendi wae diparani, neng dalan, neng omah – omah warga. Upaya kang gedhe kuwi dilakoni kanggo urip. Bocah kang kudune ana ing papan pawiyatan, dolanan, gegojegan karo kanca – kanca, nanging ora kanggo Ucup, bocah kang awit cilik mula wis mbanting tulang kanggo nyukupi uripe. Iya, dheweke pancen bocah kang duweni tekad keras kanggo nguripi awake lan kakange kang lagi mujur ana ing kasur. Wis telung taun, kakange teturon ana ing kasur. Ucup lan kakange mung urip cah loro, ora ana wong liya ing omahe.  saben dina sing ngrumati kakange ya mung Ucup, wong tuwane ora ngerti lunga ngendi. Awit bayi mula Ucup ditinggal wong tuwane, saben takon marang kakange ngengingi wong tuwane, kakange ora tau jawab, dheweke malah nesu lunga ninggalna Ucup. Mula awit iku Ucup wis ora wani takon – takon maneh ngengingi wong tuwane marang kakange, dheweke kuwatir yen kakange lunga maneh. Sanajan dheweke kepengin banget ngerti kaya piye wong tuwane, nanging kabeh iku bisa disimpen rapet – rapet dening kakange. Saben ngerti bocah – bocah liya padha gegandhingan karo bapak ibuke, dheweke sedhih, nganti ora krasa yen eluhe tumetes. Ucup pancen bocah kang duweni andhap ashor marang sapa wae, ora mung kakange. Mula ora salah yen akih wong padha asih marang dheweke, sanajan ta ora ana wong tuwa neng sampinge, nanging tansah ana wong kang tresna marang dheweke. Kuwi kang gawe semangat awake.
                Sawijining dina, nalika Ucup lagi dodolan Koran ing dalan, dheweke ngerti yen ana copet kang arep nyopet ibu – ibu. Banjur dheweke duweni niat arep nulungi ibuke, nanging durung nganti tekan jambrete malah wis mlayu lan ngwehake dompet mau marang Ucup. Kirane Ucup dompet kuwi isih utuh, lan dheweke duweni niat arep balekake dompet kuwi marang sing duwe. Nanging niat apike kuwi mau, malah ditampa elek dening warga ding padha ngejar maling mau, para warga mau ngira yen Ucup kuwi sing wis jupuk dompete ibu – ibu mau. Ucup nyoba jelasna nanging, wong – wong padha ora percaya, banjur dheweke digawa menyang kantor polisi.
                “Bocah cilik kok wis wani nyolong, bapak ibumu kuwi piye. Isa didik anake apa ora.” Omonge salah sijine bapak – bapak sing gawa Ucup neng kantor polisi.
Krungu yen bapak ibuke digawa – gawa, dheweke san saya sedhih. Kepiye carane ora sedhih, yen wong kang disayang kuwi ora salah lan ora ana hubungane karo perkara kuwi malah disalah – salahake.
                “Pak polisi, samenika kula boten maling, Pak. Kula menika sadeyan Koran, kula boten maling, Pak.” Omonge Ucup nyoba jelasna marang polisi kang ana ing ngarepane.
                “ngene nang, yen pancen awakmu iki dudu maling, mula undangen lan hubungi keluargamu saiki.” Sambunge polisi.
                “Ngapunten Pak, samenika kula boten tinggal kaliyan tiyang sepuh kula. Kula namung kalih kakang kula, ingkang nembe gerah pak. Sampun tigang taun ing kasur, Pak. Pak ampun ukum kula, kula boten maling pak, samenika kula badhe nulungi ibu – ibu ingkang badhe dicopet. Nanging maling wau malah maringake dompet wau dhateng kula, Pak.” Ucape Ucup kang lagi nyoba jlentrehna apa kang sebenere kelakon.
                “ya wis yen pancen awakmu iki dudu maling, apa pancen maling. Entenana nganti sing duwe dompet iki mau mrene.” Sambung pak polisi.
Wis ana karo tengah jam anggone Ucup ngenteni tekane ibu – ibu sing duwe dompet, ora suwe ana suwara wong mara.
                “Bu, manga lenggah rumiyin.” Ucape pak polisi nyumanggakake ibu – ibu mau.
                “Bu, menapa tiyang ingkang sampun mundhut dompetipun panjenengan menika, tiyang alit menika ?” takone pak polisi kanthi nyudhing Ucup.
Ibu – ibu mau nyoba ngeling – eling kedadeyan mau, lan uga nyawang Ucup kang ana ing sandhinge.
                “sanes, Pak. Boten,,, samenika boten adik niki. Tiyang ingkang sampun mundhut dompet kula wau yuswane kinten – kinten sampun kalih dhasa, boten adik niki.” Ucape ibu – ibu mau anggawe ayeme atine Ucup.
                “Yen ngono, dudu cah cilik iki ta Bu ? takone pak polisi rada ewuh amarga ora gelem ngrungokna katrangane Ucup. Ibuke mung mantuk wae.
                “Dek Ucup. Apuranen ya. omahmu ngendi , Dek ? mengko ben diterna Pak Sutris.” Pak polisi nakoni Ucup kanthi nunjuk bapak – bapak sing ana ing sandhinge.
                “Boten usah repot – repot, Pak. Kula boten badhe wangsul kok. Kula bade nyambut damel.” Jawabe Ucup nolak patulungane Pak polisi.
                “Loh awakmu kerja apa, Nang ? awakmu ora sekolah ta ?” Pak polisi takon maneh kanthi kaget, amarga bocah cilik sing kudune sekolah malah wis nyambut gawe.
                “Kula boten sekolah, Pak. Kula boten gadhah arta kagem biayai sekolah.” Jawabe Ucup
                “Loh bapak – ibune adhik teng pundi ?” takone ibu – ibu sing kecopetan mau.
                “Kula boten mangertos, bapak – ibu kula wonten pundi, Bu. Awit cilik kula lan kakang kula sampun ditinggal bapak – ibu kula tindak teng pundi kula boten mangertos.” Jawabe Ucup.
                “Lah saiki awakmu mung urip karo kakangmu, Dhik ?” takone ibu – ibu mau.
                “inggih, Bu.”
                “Ngene wae, Nang. Awakmu iki isih cilik kudu sinau kanggo sangu tuwamu besok. Nang saiki awakmu tak jupuk dadi anak angkatku, kebetulan aku lan garwaku durung diparingi putra. Mengko awakmu tak sekolahna nganti lulus sarjana.” Omonge pak polisi.
                “Boten, Pak. Menawi kula dipunpundhut putra, mangkeh kakang kula pripun ? kakang kula nembe gerah, Pak.” Jawabe Ucup nolak patulungane Pak Burhan Polisi sing wis nangnkep dheweke.
                “Ngene, Nang. Awakmu lan kakangmu mengko neng omahku. Mengko kakangmu supaya dirawat rewang sing ana ing omahku, Nang. Lan awakmu sekolah kanthi bener Nang.” Jawabe pak polisi kanthi tulus bantu Ucup.
                “Dhik, trimaa apa sing diomongna bapake dhik. Iki ora mung kanggo awakmu, iki uga kanggo kakangmu. Awakmu bisa gawe senenge kakangmu lan wong tuwamu sing wis lunga ninggalna awakmu, Dhik. Trimaa Dhik.” Sarane ibu – ibu mau.
Sakwise kedadeyan iku mau, Ucup mikir – mikir baba pa sing ditawarna Pak Burhan. Kakange sing ngeti adhike lagi ngelamun banjur nyedhaki adhike lan nakoni apa kang dipikirna. Sadurunge Ucup mamng arep nyeritakna apa ora, nanging Ucup banjur nyeritakna apa kang kedadeyan ing awan maul an crita bab tawarane Pak Burhan. Krungu apa kang dicritakna Ucup baba pa kang ditawarna Pak Burhan, kakange banjur nolak tawarane Pak Burhan. Dheweke kuwatir yen Pak Burhan kuwi wong licik sing bakal ngedol adhine, Uucp nyoba nyeritakna kepiye latar belakange Pak Burhan kuwi mau, nanging tetep wae ditolak kakange.
Esuke Ucup ketemu karo Pak Burhan, banjur ditakoni ngenani tawarane Pak Burhan. Ucup blaka marang Pak Burhan ngengingi omonge kakange. Dheweke sedhih marang omonge kakange, amarga yen kakange tetep wae nolak dheweke ora bisa sekolah kaya apa kang diimpekna awit biyen. Pak Burhan lunga neng omahe Ucup kanggo jelasna niyat apike marang kulawargane Ucup. Sadurunge kakange tetep wae nolak, nanging dheweke ora tegel ngeti adhike nangis amarga niyate sekolah bakal ilang amarga kakange ora setuju marang tawarane Pak Burhan. Banjur kanthi spontan dheweke mantuk nalika Pak Burhan takon kaping terakhir marang kakange Ucup. Ngeti kakange setuju, Ucup banjur ngrangkul kakange kanthi nangis. Dheweke ora percaya yen bakal isa sekolah kayata bocah – bocah liyane.
Ucup wis ana ing kelas 1 SD, sanajan umure luwih setahun ing kelas 1 SD. Nanging dheweke tetep semangat nggayuh ilmu. Apa kang diomongna Pak Burhan pancen bener, Pak Burhan nguripi Ucup lan kakange kanthi tulus, Ucup lan kakange wis dianggep kaya anake dhewe. Samono uga garwane Pak Burhan uga tulus ngrawat Ucup lan kakange. Ucup seneng amarga bisa ketemu wong kanga pike kaya Pak Burhan lan garwane. Dheweke duweni tekad bakal gawe senenge Pak Burhan lan garwane, ora lali uga kanggo kakange.

Tamat
               


Cerita Rakyat ingkang wonten ing Kudus



Sunan Kedu
Sunan Kedu inggih menika pepunden ingkang wonten ing desa Gribig. Sunan Kedu menika saking Parakan, Temanggung. Panjenenganipun anggadhahi asma sanes inggih menika Syekh Abdul Basyir. Sunan Kedu nalika dakwah wonten ing desa Gribig lan sekitaripun. Panjenenganipun menika murid saking Sunan Kudus. Sunan Kedu anggadahi karomah ingkang boten dipungadhahi dening tiyang – tiyan sanes, menawi karomahipun inggih menika nalika taksih wonten ing Temanggung panjenenganipun tindak dhateng Kudus kaperlu nyobi ilmunipun Sunan Kudus kanthi nitih tampah, tampah menika muter – muter ing Kudus. Nalika pirsa menapa ingkang sampun dipuntindakaken dening Sunan Kedu, Sunan Kudus jengkel marang Sunan Kedu, panjenenganipun kuwatir menawi para warga menggalih yen Sunan Kedu menika tiyang ingkang kedah dipunagung – agungake, padahal panjenenganipun menika priyantun ingkang sami kaliyan warga, namung setunggal panjenenganipun gadhah karomah saking Allah ingkang boten dipungadhahi tiyang sanesipun. Amargi Sunan Kudus boten kepengin menawi para warga ngagungaken Sunan Kedu mila Sunan Kudus nyobi ngendelaken menapa ingkang sampun dipuntindakaken Sunan Kedu kanthi nyabda, lajeng sesampunipun disabda Sunan Kedu jawah wonten ing satunggaling papan ingkang njember mila dumugi sakmenika papan menika dipunwastani Jember. Menawi tindakipun Sunan Kedu wonten ing Kudus menika badhe manggih Sunan Kudus amargi nalika ngaben ayam kaliyan putranipun Sunan Kudus, panjenenganipun dipunasoraken. Namung saderengipun panjenenganipun tansah mimpang, pirsa yen putranipun dipuukalahaken dening Sunan Kedu mila Sunan Kudus biyantu putranipun kanthi nyabda ayamipun dados pethel. Pramila ayamipun Sunan Kedu saged dipunkalahaken dening putanipun Sunan Kudus.

Tradisi Tingkeban

Tingkeban
Upacara Tingkeban ugi saged dipunwastani mitoni, ingkang saking tembung pitu tegesipun inggih menika angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi priyantun estri sampun ngandhut pitung sasi saha nembe ngandhut sepisan. Upacara tingkeban menika salah – satunggaling tradisi ingkang wonten ing Jawa, inggih menika ingkang tansah dipunuri – uri dumugi sakmenika. Tradisi menika anggadahi ancas inggih menika kagem nepangaken bilih pendhidhikan menika dipuntindakake wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Nalika ngandhut katah sanget perkawis sae ingkang kedah dipuntindakaken dening biyungipun, lan ugi biyungipun kedah nebihaken saking perkawis ingkang boten sae. Menika anggadhahi teges supados putra ingkang badhe dipunlairaken dados putra ingkang sae.
A.    Lelampahan upacara tingkeban
            Nalika nindakaken upacara tingkeban wonten lelampahan ingkang kedah dipuntindakaken, inggih menika :
  1. Siraman dipuntindakaken dening sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut. Saénipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah.      
  2. Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu déning calon bapak ( garwanipun ) saking padharanipun ngantos pecah. Menika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal menapa. Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah godhanipun. Awit saking punika, kedah ndedonga kagem kaslametan, mliginipun wonten ing wekdal pitung sasi.
  3. Salajengipun inggih menika gantos rasukan ( wusana ) kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang badhe dipunlairaken inggih suci saha badhe pikantuk rahmat saking Gusti Allah SWT.
  4. Sasampunipun calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, salajengipun inggih menika adicara medhot lawe ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dene ingkang medhot benang lawe inggih menika calon bapakipun, sakmenika aggadhahi ancas supados bayi ing kandhutan samangke saged lair kanthi gampil.
  5. Menawi lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking calon ibu, nggèndhong klapa gadhing dipunkancani dèning ibu besan. Ananging saderengipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani dening calon simbah putrinipun. Ancasipun inggih menika supados samangke bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubeda satunggal menapa.
  6. lelampahan adicara ingkang salajengipun inggih menika calon bapa mecah klapa gadhing kasebat kanthi saderengipun milih setunggal saking kalih klapa ingkang sampun dipugambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged ningali gambaripun kala wau. Menawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapa ingkang gambaripun Kamajaya mila bayinipun badhe lair kakung, bilih menawi ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri. (Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti dados kasunyatan). Ananging, bilih kita nyuwun kanthi saestu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwasa, mila punapa ingkang dipungayuhaken saged kawujud.                                                   
  7. Sabibaripun upacara siraman menika kalajengaken upacara milih sekul jene ingkang mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara sadeyan (  dodol dhawet saha rujak ). Anggenipun bayar dodolan ngangge logam ingkang kadamel saking remukan gendheng (kreweng) ingkang dipunbentuk bunder, arupa yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kreweng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara menika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken samangke pikantuk kathah rejeki, saged kangge nyekapi gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.
B.     Ubarampe Upacara Tingkeban
Ubarampe ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban inggih menika awujud maneka werna dhedharan. Dene ancasipun wonten dhedharan menika minangka tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuawasa awit sedaya sih nugrahanipun.
  1. Tumpeng Kuat. Tumpeng kuat minangka simbol supados bayi ingkang badhe dipunlairaken samangke sehat saha kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tempe, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel hiasan saha terong mentah ingkang dipunonceki ananging kulitipun tetep taksih nemplek, saha dipunsukani urab-uraban.
  2. Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kue apem, kue cucur, kue bolu, kue lapis, saha woh-wohan kados ta nangka, jeruk, bengkowang, timun, pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken.
  3. Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampe upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta ubi jalar, tela, gembili, kenthang, wortel, ganyong, saha erut. Maneka warna keleman dipunsajikaken wonten ing setunggal wadah kados ta nyiru.
  4. Rujakan. Rujakan punika kadamel saking maneka warna woh-wohan kados ta jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados setunggal saha dipunsajikaken kanthi saè ngantos raosipun rujak eco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhe dipunlairaken samangke saged ngremenaken kulawarganipun.
  5. Dawet. Kangge nggampilaken anggenipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun eco. Menawi kepengin seger saged dipuntambahi ugi es batu.
  6. Sajen Medikingan. Sajen punika dipundamel kangge lairanipun putra ing sangandhaping putra bajeng piyambak. Dene ubarampenipun inggih kados mekaten.
·         sekul jene ingkang bentukipun kerucut.
·         sekul loyang, inggih punika sekul jene ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.
·         enten-enten, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak ngantos garing.
·         bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan.

Wonten ing upacara tingkeban kedah wonten ugi pitung jinis bubur, kalebet bubur procot punika.