Buka
Luwur Mbah Tugna Al Muchtar
Samenika
tradhisi ingkang wonten ing Desa Garung Kidul, Mbah Tugna menika priyantun
utawi pepunden ingkang wonten ing Desa Garung Kidul. Menawi tradhisi samenika
awujud khaulipun utawi donga kagem Mbah Tugna Al Muchtar leluhur ingkang sampun
bangun Desa Garung Kidul. Tradhisi menika dipuntindakaken saben tanggal 16
Muharram wonten ing punden utawi makamipun Mbah Tugna Al Muchtar. Menawi
runtutan adicara menika slametan wonten ing wanci sonten ba’dal ashar lajeng
maos ing wanci dalu ba’dal isya’. Ing wanci enjing samenika belih menda, menda
ingkang saking iuranipun para warga desa Garung Kidul, ugi menawi wonten tiyang
ingkang kersa paring menda. Menda menika dipunbelih dening Kiyai ing Desa
Garung Kidul, lajeng ingkang masak bapak – bapak inggih menika wonten ketua RT,
para perangkat RT. Awit siyang dumugi ba’dal ashar utawi sederengipun slametan
dipuntindakake para warga ngasta sekul kaliyan ulam menapa kemawon wonten ing
punden. Ing wanci sonten dipuntindakaken slametan ingkang dipunpimpin dening
Pak Moden lan dipuntindakaken dening para warga, slametan samenika wujud puji
syukur dhumateng Gusti ingkang sampun paring rizki saha kawilujengan dening
warga Desa Garung Kidul. Wonten ing slametan menika wonten donga ingkang dipunwaos
dening Pak Moden, sesampunipun dedonga lajeng “ kepungan “ sekul ingkang sampun
dipundongani, menika wujud rerukunan supados warga Desa Garung Kidul tansah
rukun, ancasipun slametan menika kagem nyuwun dhumateng Gusti supados para
warga Desa Garung Kidul tansah dipunparingi slamet. Menawi slametan menika sampun bibar, ing Wanci
dalu inggih menika ba’dal isya dipunwontenanken pengajian wonten ing pengajian
menika kagem dongakaken para leluhur ingkang sampun bangun Desa Garung Kidul,
mliginipun Mbah Tugna Al Muchtar. Wonten ing pengajian menika wonten tahlilan,
lan ugi cariyos ngengingi Mbah Tugna Al Muchtar. Ing adicara pungkasan inggih
menika badum sekul ingkang dipunbungkus ing godhong jati, sekul menika ingkang
saking para warga, ingkang sampun dipunurus dening para panitia.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar