Sabtu, 10 Januari 2015

KUMPULAN GEGURITAN




Pahlawanku
(R. Tantiningsih)

Pahlawanku  
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

==============================
Segara Ayu
(Hisyam Z)

Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti

Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan

Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru

Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan

Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku

======================
Merapi
(Puthu Aryana)

Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

==========================
Kembang Mlathi
(R. Widiyati)

Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci

==============================
Api Abadi Mrapen
(R. Tantiningsih)

Latu kuwi, tansah murub
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu kuwi ora surut

Latu kuwi, tansah murub
Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake

Latu kuwi, tansah murub
Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu

=================================
Kitir
(Sumono Sandy Asmon)

Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi

Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat

================================
Koran
(Harum Sunya Iswara)

Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi

=====================================
Wutah Getihku
(Mahardono Wuryantoro)

Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani

Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara

Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku


======================
Lindhu

Lara ati nemu plataran kabar winedhar
Embuh endi sing marahi lara tanpa tamba
Dene batin isih adreng ngawruhi
Dene urip kepengin ngemonah pikir
layak-layak dene gegambaran sing den-ukir
Mujudake sesanggeman saka wirayat gumingsir

Lindhu netepake gumingsire urip
Iya sadawane nalar, iya sandhuwuring gelar
Natkala sampeyan crita prakara jamang kethiwar
Dene kraton tinilar putra-putrine sing tumabirang
Kari siji geganthan sing singgih
Kaya krikil emas isih sumebar neng taman garing

Iku lindhu sing nyathet puisi abang, kuning, ireng
Tegal lelateng jrone pararaton muni
Gelung-tekuk wis wudhar, pinjung kemben linukar
Serat-serat kuna pecah dluwange : kraton bedhah
Ambane pardah ing guyu sacamah pasar-pasar dhusun!

O, lindhu ing sukma suwung
O, lindhu kang ngrucat sakabehing pulung
Ing kene lawatan sajangkah wis kajamah ruyung!

================================
SEPI

iki sepine sopo?
kathik ono sepi sepo....

langit peteng kagubeng dening mendung....
tanpa angin tanpa wicara...
tanpa lagon tanpa gending...

yen sliramu isih rumongso tresno
gunemu bakal dak anti...
nadyan getir rasaning ati....

sepi....
iki sepine sopo
kathik ono sepi sepo... 

===============================
Pamulangan

Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah

Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju

Nanging
prakanca, ….

coba delengen kahanan  nyata
apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip  tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

Rama,
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat

Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu
=================================
Udan Wayah Sore

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu

=====================

JAMAN KOMPUTER


jamane wis sarwa komputer

akeh wong padha keblinger
rodha becakmu tetep munyer
sarapan sega pecel

jamana wis sarwa mal plaza
uripmu panggah nguler kembang
gethuk tela pendhak rina

jamane wis sarwa supermarket
ing desamu pasar pendhak kliwon
dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon
golek bati sarepis adus kringet

jamane wis sarwa satelit
pacul arit panggah nggegurit
nggo ngrabuki jagad alit
jamane wis sarwa edan
lanang ilang jalere
wadon ilang wanitane
=====================================
Dalan Ombak

Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina
==================================
AMBEGAN SEGA KULUBAN
Ambengan sega kuluban dieler ing tampah
diladekake ing pasamunan
direncah bebarengan, kroyokan, rebutan

ambengan sega kuluban
oora ana sing ngerti duweke sapa
kejaba dadi pangane wayang , para dhalang
sing lagi lungguh methingkring

(kidang lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)

ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta
mung kari tampah ngganda amis, angganda amis
banjur kanggoo bal-balan para buta! 
=============================

Kembang Wengi s Kembang Bangah
Sliramu kuwi pancen ayu enom tur endah
Senengmu ngreridhu ngobral esem kanthi ulat sumringah
Eman, ayumu kuwi kena tinuku murah
Ing atising wengi sliramu ora wegah jumangkah
Sineksen abyoring kartika kedhep nrithil sajak bungah
Mbok gurit lelakon ireng ing sadhengah dhadhah
Soroh angga liniron redana sliramu pasrah
Mustika aji wis lawas oncat saka ragamu sing wantah
Ing buntasing wengi anggamu katon sayah…lungkrah…
He kembang bangah, pumpung durung kasep lerena
Tumindakmu sing nistha kuwi uwisana
Galo isih akeh pakaryan sing utama, golekana
Apa kowe ora krungu para sujana sarjana sadonya
Gumedher umyung gumregut arep padha bareng mbrastha
Pakaryamu kuwi sing dadi ngrembakaning kruma
Virus AID candhala sing durung ketemu tambane kanggo usada
Uga sumandhing ngaglah ing iringmu si raja singa
Yen wis tumanduk ing awakmu kowe ra bisa bangga
Oh esemmu sayah… eseme si kembang bangah
============================
Wayah Magrib
Wancine wis repet-repet peteng
Sang surya sayah sedina muput madhangi jagad raya
Angin sore kang biyasane midid sumilir sumene sawetara
Aweh kurmat nyang sang bagaskara kang lagi ngaso
Swarane bocah rame dolanan tan keprungu maneh
Mbarengi swara bedhug masjid tengara mahgriban
Ujug-ujug ana pawongan kang lakune setengah kesusu
Ngener nyang omahe bu bidhan
Jarene semahe arep babaran
Temenan ora watara suwe keprungu cengere jabang bayi
Amin… negarane tambah jiwa siji
Tegese kebutuhane pawongan mau tambah
Jarene iku titipane Gusti kang kudu dicukupi
Wiwit saka susu, kasarasan, panggulawenthah nganti diwasa
Wigatine maneh ing piyandele
Ing tembene dadiya wong kang sholeh
Bedhug Mahgrib wis ora ana suwarane
Umat lanang wadon tuwa enom
Padha sujud sangandhape pepadane Gusti
Bubar Mahgrib kendhuren-manten
Dening Pak Sastro wis diangen-angen
Dianam ing batin sataun kepungkur
Jejere bapa kang wajib miwaha dhaupe putra
Kang kakudang-kudang ing tembene
Dadiya tiyang ingkang mawadah lan solekhah
Saged mikul dhuwur mendhem jero tiyang sepuh
Dumadakan keprungu swara tangise jejeritan
Mbah Soma kang wus yuswa sewidak
Katimbalan ing Gusti ingkang akarya jagad
Inna Lillahi Wainna Ilaihi Roji’un
Katampia ngastane Gusti ingapura sedaya dosa lan kalepatane
Lelakone jantraning Bawana
Manungsa nora kuwagang ngendheg lakune takdir
Ing wayah Mahgrib
Ana kang lagi lahir kanggo ngiseni jagad raya
Ana kang lagi palakrama
Ana uga kang katimbalan ing ngarasane Gusti
Amin
=======================
SEDYAKU

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…

Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…
======================
CRITA SAKA MANCA

ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak

nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi

kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti




Sumber:  http://www.njajalae.info/2013/04/contoh-kumpulan-puisi-bahasa-jawa-terbaru-geguritan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar