Minggu, 11 Januari 2015

Cerkak

JUDUL : Sms Nyalawadi
Dening : Widya Dwi Askari
           
            Badrun oleh sms sing isine njaluk tulung nyebarake sms kutukan ning 10 kancane yen ora gelem dhewekw bakal sial  , nanging Aji ngomong yen ora usah percaya. Dina kuwi badrun ora sial malah mujur banget , Badrun ora melu remidi pelajarane Pak Imam , terus nalika bali sekolah Badrun nemu dhuwit satus ewu .
            Mbengine gentenan Aji sing oleh sms kutukan , nanging dheweke ora percaya. Nanging nalika dheweke arep turu malah ditekani setan wadon ing sisih omahe .  Ora mung sepisan kuwi Aji ditekani setan mau , meh saben wengi Aji ditekani.  Bnjur Aji ngirim sms kutukan mau neng kancane supaya dheweke ora di ganggu maneh karo setan mau.  Nanging Aji jebule Aji isih diganggu karo setan wadon mau amarga ora gelem nulungi .
Isuk-isuk Badrun teka ing omahe Aji, Badrun crita yen kancane sing jenenge Sarno dicandhak polisi amarga mateni pacare sing jenenge kunthi  persis kaya sms sial kae.  Banjur sak bubare mulih saka sekolah Aji lan Badrun nggoleki omahe kunthi, neng kana Badrun lan Aji ketemu karo ibune kunthi , ibune cerita yen kunthi pancen dipateni Sarno . Ora mung dipateni nanging uga dimutilasi banjur diguwak ing kali kuning .

            Sak durunge kunthi dipateni , dheweke cerita karo ibune yen Sarno seneng wong wadon liya , banjur kunthi arep nekani wong wadon mau , nanging urung sida malah kunthi dipateni Sarno . Banjur Aji ngirim sms sial mau neng Sarno , bibar kuwi Aji wis ora tau diganggu kunthi  maneh .

Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar