Kamis, 27 November 2014

Contoh sambutan menggunakan bahasa jawa

Assalamualaikum wr wb
para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten,
Bapak Prawoto minangka kepala dusun selarejo ingkang kinurmatan,
Tamu undangan ingkang boten saged kula sebataken setunggal - setunggal ingkang kula kurmati.

Sumangga langkung rumiyin kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun saengga kita sedaya saged kempal wonteng ing adicara pengetan dinten kamardikan kanthi bagas, waras boten wonten kirang setunggal menapa.
Shalawat saha salam mugiya tansahn kita aturaken dhumateng junjungan nabi agung, Nabi Muhammad SAW, ingkanmg tansah kita tengga syafaat wonten ing yaumul akhir.

Bapak, ibu, para rawuh ingkang kula kurmati. kula minangka sesulihipun para kadang panitia ngaturaken agunging panuwun dhumateng :
  Bapak Prawoto minangka kepala dusun Selarejo saha perangkatipun, ingkang sampun kersa rawuh wonten ing adicara pengetan dinten kamardikan samenika.
  Bapak Ikhsan minangka ketua RT ingkang sampun paring pangestu saha panyengkuyung wonten ing adicara samenika.
  Warga kakung putri, ingkang sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon.
mugiya sedaya kesaenan panjenengan pikantuk piwales dening Gusti ingkang Maha Agung.

Bapak, ibu, para rawuh ingkang kula kurmati.Kula nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi wonteng ing adicara samangke kathah lepat saha kirang mrenani ing manah panjenengan sedaya. Kula minangka sesulihipun para kadang panitia tansah nyuwun supados panjenengan sedaya kersa lenggahan sinambi mirsani lampahipun adicara saking purwa madya dumugi wasana.

Wasana, cekap semanten atur kula. Menawi kathah lepating atur ugi kirang subasita kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum wr wb

Ora Salawase


Sumilir angin 
Kang anggawe ayem atiku
Nadyan ta atiku krasa karanta – ranta 
Nanging ora kanggo dina iki 
Sing tak rasa amung ayem, tentrem 
Apa kang anggawe aboting atiku 
Kaya ta kabur kagawa angin 
Aku kepengin… 
Apa kang dak rasakna awan iki 
Salawase bisa tak rasakna 
Namung, 
Kuwi ora bakal kalakon kanggoku 
Amarga manungsa kuwi 
Pancen kudu ngrasakna susah lan uga seneng 
Supaya manungsa gelem ngupaya

dening : Novi A

Senin, 17 November 2014

Crita Kuna



Crita Kuna
Kumercik banyu
Kang kaprungu
Anggawe ayeme atiku
sanajan nandhang laraning atiku
marga lungamu
saben dina ngenteni tekamu
mung kuciwa olehku
kumercik banyu iki
kadya komedi
kang bisa nglipur ati iki
nalika slirahmu lunga mbuh nyang ngendi
apa ta pantes
yen ati iki tansah ngenes
uga eluh tansah tumetes
ngenteni slirahmu kang wus ora pantes
upama ta slirahmu lan awak iki
wus ora pantes sandhing
aku bakal lila
yen pancen slirahmu kudu lunga
pancen takdir kang wus tumata
yen ta awakmu lan awakku mung ana
ing crita kuna

Dening : Novi A